Panjenengan tamtu
sampun nate mireng asma Bob Marley? Bob Marley kathah dipunmangertosi minangka legendaris
musik reggae ing donya. Salah satunggaling khas saking tokoh kasebut inggih
menika rikmanipun ingkang gimbal. Mboten sami kaliyan rambut gimbal damelanipun
manungsa kados dene rikma gimbalipun Bob Marley, wonten lare-lare ing dhaerah
Dieng Kabupaten Banjarnegara gadhah rikma ingkang tuwuh kriwil lan gembel
ingkang wonten kanthi alami (sanes damelan manungsa). Lare ingkang
gimbal wau dipunpitadosi minangka turunanipun Ki Kala Dete lan Nyi Roro Kidul.
Kangge nyukur rikma gimbal menika wonten ruwatan lan upacara ingkang kedah
dipunlampahi. Upacara ruwatan menika saged kathah narik wigatosing wisatawan
lokal utawi mancanegara kangge mriksani reroncening adicara ruwatan
cukur rambut gimbal masal.
Dumugi sakmenika, adicara ruwatan tasih
dipuntindakaken setaun sepisan ing Dieng. Menika mbuktikaken menawi masyarakat
Banjarnegara tasih kersa nglestantunaken warisaning budaya saking leluhur.
Budaya ingkang minangka kasugihaning bangsa menika dipunjagi supados mboten
ical lan supados dipuntepangi dening para mudha mliginipun mudha-mudhi
Banjarnegara. Adicara ruwatan menika saged nggayuh wigatosipun kathah tiyang
saingga dipunsengkuyung dening pemerintan Kabupaten.
Kabupaten Banjarnegara mboten
nyia-nyiani khas ingkang wonten ing salah satunggaling dhaerah ing kabupaten
Banjarnegara menika. Pemerintah ngawontenaken adicara kanthi irah-irahan “Dieng
Culture Festival” setaun sepisan. Wonten ing adicara menika dipunwontenaken
mapinten-pinten adicara inggih menika pasugatan seni, wayang, lan ugi ruwatan
rambut gimbal. Ruwatan rambut gimbal limrahipun dipuntindakaken wonten ing
palataran Candi Arjuna, Dieng Kulon, Batur, Banjarnegara. Lare ingkang badhe
dipunruwat dipunsukani iket saking mori lajeng dipuntindakaken reroncening
ruwatan.
Sakderengipun rambut gimbal dipuncukur,
lare ingkang badhe dipunruwat menika diarak kliling dhusun mawi dhokar
dipunkancani dening tiyang sepuhipun. Sarat ingkang dipunsuwun dening bocah
gimbal ingkang badhe dipunruwat ugi ndherek dipunarak. Arak-arakan dipunwiwiti
saking griyanipun pamengku adat, lajeng kirab tumuju ing Candi Arjuna kanthi
dipunsambut dening tetabuhan musik tradisional Dieng. Reroncening
adicara Jamasan dados miwiti ruwatan cukur rambut gimbal. Saklajengipun, bocah
gimbal dipunbekta dhateng palataran Candi Arjuna.
Rambut ingkang gimbal pancen mboten saged dipuncukur kados limrahipun. Cukuran namung kedah dipuntindakaken amargi pepinginan lare ingkang gimbal menika piyambak. Menawi cukuran rambut gimbal mboten adhedhasar pepinginan saking lare gimbal menika, mila rambut gimbal menika mangke bakal tuwuh terus sanadyan sampun dipuncukur. Bocah ingkang badhe dipunruwat kasebut ugi ndherek ruwatan adhedhasar pepinginanipun piyambak kanthi sarat ingkang benten. Tuladhanipunpit onthel, tigan, arta, wedhus, emas, lan sapanunggalipun.
Adicara ruwat cukur rambut gimbal
menika piyambak dipuntindakaken dening pamengku adat direwangi pejabat
kutha Banjarnegara. Kanthi dikancani dening tiyang sepuhipun piyambak-piyambak.
Rambut gimbal ingkang sampun dipuncukur lajeng dipunmanunggalaken kaliyan
jajanan pasar, kembang telon lan dibungkus mori, lajeng dilarung ing Tlaga
Warna. Adicara cukur rambut gimbal dipunpungkasi kanthi pambagian kasil bumi
dening masyarakat ngriku.
Sumber : http://putrikeratonuny.blogspot.com/2013/12/kanthi-ruwatan-rambut-gimbal-masyarakat.html
Triton (tetonglass) - Titanium Dioxide - TITAN.NET
BalasHapusTriton is a babyliss nano titanium flat iron tungsten-free and lightweight titanium nose hoop sunscreen that ford focus titanium uses tungsten tittanium crystals as an essential ingredient to enhance titanium sia skin growth.