Blogger Widgets

Rabu, 07 Januari 2015

Widyamakna


      Widyamakna
Manut owah gingsire lan ngrembakane tembung, njalari tembung uga katut owah gingsir lan ngrembaka. Ing antarane ana tembung kang tegese dadi mingkus utawa ana uga tembung kang tegese dadi melar.
Tuladha :
a.       Teges mingkus
1)      Mau bengi ibu sowan menyang daleme kyai Sholikhin.
2)      Adhiku saiki wis lulus sarjana elektro.
3)      Berlin kuwi sekolahane ing madrasah cedak omahe.
4)      Soni melu lelayaran bapake nalika liburan sekolah.


Tembung
Teges Sekawit
Teges Saiki
Kyai
Kabeh wong kang dianggap sekti
Wong kang ahli agama Islam
Sarjana
Kabeh wong pinter
Jeneng gelar tumrap wong kang wis lulus sinaune ing perguruan tinggi
Madrasah
Kabeh sekolah
Sekolah mligi kanggo bocah-bocah muslim
Lelayaran
Numpak prau sing nganggo layar
Numpak prau sing nganggo mesin

b.      Teges melar / amba
1)      Mangga bapak pinarak rumiyin. Kula tak madosi bapak sekedhap.
2)      Sedulur-sedulur piye yen mengko bali sekolah padha tilik Bu Guru?
3)      Nyuwun sewu ibu, badhe nyuwun pirsa?
4)      Dadi anak iku kudu mbangun turut marang wong tuwa lan guru.

Tembung
Teges Sekawit
Teges Saiki
Bapak
Sisihane ibu / bojone ibu
Kabeh wong kang wis pantes kasebut bapak senajan isih enom
Ibu
Sisihane bapak
Kabeh wong wadon kang wis pantes kasebut ibu senajan isih enom
Sedulur
Wong tunggal bapak lan ibu
Kabeh wong kang pantes kasebut sedulur
Anak
Putra saka bapak lan ibu
Kabeh bocah senajan dudu anake dhewe

Kapetik saka Buku Basa Jawa Kelas XII Tahun 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar