Blogger Widgets

Rabu, 07 Januari 2015

Nulis Tembang Macapat


      Nulis Tembang Macapat
Tembang iku minangka salah sawijining karya sastra utawa seni sastra kang mujudake kabudayan tradhisional mungguhing masarakat Jawa, kang wis mbalung sungsum. Tembang iku ewone basa kang pinathok (puisi) kang kapurba ing lagu.
Pamacane ing tembang iku kanthi lagu. Kang mangkene supaya surasane ukara bisa rimesep ing ati, endahing rakitane bisa tumanem ing rasa.
Apresiasi tembang macapat iku bisa ditegesi nggatekake utawa ngamat-amati maknane lan menehi pambijen (penilaian). Tembang kang wis rinakit iku bisa dionceki isine kanthi ngematake lan ngerteni tembung-tembung kang ana ing tembang kasebut.
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki !
Dhandhanggula
 Ngaku dadi gegendhunging bumi
Sumbar-sumbar obrol
Cubriya takabur wae
Angkuhe kumalungkung
Ngaku kendel ngungkul-ungkul
Ngungkuli wong sapraja
Iku nora mungguh
Ngadatake wong kang mangkana
Mung samono kewala katog ing pambudi
Prapteng don liron kamal

Kapetik saka Buku Basa Jawa Kelas XII Tahun 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar