Blogger Widgets

Sabtu, 03 Januari 2015

Pranatacara



Pranatacara inggih punika satunggiling paraga ingkang nggadhahi jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, pentas (show) lan sapiturutipun. Upaminipun wonten ing tata upacara adat temanten Jawi pranatacara kajibah nglantaraken titi laksitaning adicara ijab, pawiwahan lan panghargyan, sanadyan mekaten adicara ijab kadhang kala madeg piyambak boten kagarba kaliyan adicara pawiwahan lan panghargyan temanten. Ing upacara kasripahan juru paniti laksana nglantaraken tata upacara pangrukti utawa pametaking layon.
Anggenipun dados pranata adicara kedah nggatosaken punapa ingkang wonten ing tata cara pranata adicara. Pranata adicara kedah nggatosaken punapa ingkan dipunwastani 4W, kang isinupun : Wiraga, Wicara, Wirasa, Wirama.
Pranata cara kabagi pirang-pirang penganggone yaiku :
Sarat Pranatacara
  1. Acara
Jejibahaning pranatacara limrahipun inggih prasaja, inggih menika ngaturaken acara setunggal baka setunggal ing acara menapa kemawon. Acara sepisan menika, dhumateng Bapak... sumangga. Lajeng ngaso. Acara kaping kalih menika... dhumateng Ibu... sumangga. Lajeng ngaso. Makaten salajengipun namung ngaturaken acara setunggal baka setunggal. Nalika para tamu ngunjuk pranatacara inggih ngemum, nalika para tamu dhahar, pranatacara inggih dherek nedha. Ingkang baku acara sampun saged lumampah. Beda kaliyan pranata adicara, kajawi nindakaken ingkang kados katindakaken pranatacara, pranata adicara saged ngisi acara damel regeng ngregenging swasana. Upaminipun nalika para tamu nembe ngunjuk, pranata adicara nyandra para tamu, nyandra sasana pawiwahan, nyandra tarub. nalika para tamu nembe dhahar, pranata adicara nyandra temanten. Gampilipun pranata adicara saged akarya regenging swasana, boten sepa,sepi,samun. Pranata adicara boten badhe katelasan wicara sarta perkawis ingkang kawedhar (materi/bahan) kangge ngisi swasana. Sanajan kedah 2-3 jam micara. Kajawi menika pranata adicara saged ngolah acara menapa kemawon, tanggap ing sasmita saha swasana, satemah saged damel putusaning adicara kanthi laras tur leres.

Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Pranatacara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar