Blogger Widgets

Rabu, 07 Januari 2015

Ukara Pakon


Ukara Pakon
Ukara pakon (kalimat perintah) uatawa imperative yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa perintah marang wong liya supaya nindakake sawijining bab utawa pakaryan kaya kang dikarepake sing ngongkon. Wujude ukara pakon iku warna-warna, yaiku kaya ing ngisor iki.
a.       Ukara pakon lumrah
Tuladha :
Ø  Ndang ombenen !
Ø  Awas sing ati-ati !
Ø  Wis enggal garapen !
b.      Ukara pakon pamenging
Tuladha :
Ø  Kowe ora kena dolan yen durung sinau !
Ø  Aja rame-rame simbah nembe sare !
Ø  Aja mangan ing ngarep lawang !
c.       Ukara pakon pangajak
Tuladha :
Ø  Awake dhewe saiki leren dhisik !
Ø  Ayo padha mampir nggonku dhisik !
Ø  Sadurunge kawiwitan ayo padha dungo !
d.      Ukara pakon panantang
Tuladha :
Ø  Antemen yen pancen kowe wani !
Ø  Maraa rene yen nyata-nyata dhugdheng !
Ø  Gage balangen yen wani jaluk benjut sirahmu !
e.       Ukara pakon paminta
Tuladha :
Ø  Mbok kowe kuwi mengko dolan menyang omahku !
Ø  Dhik, tulung jendelane ditutup wae !
Ø  Aku dakdolan nyang omahmu, nanging disuguh, ya !

Kapetik saka Buku Basa Jawa Kelas XII Tahun 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar