Ukara Pitakon
Ukara pitakon utawa kalimat tanya
yaiku ukara kang isine awujud pitakonan. Ukara iki racake migunakake tembung
pitakon apa, piye, pripun, kados pundi, sinten, sapa, pira, pinten, ing ngendi,
wonten pundi, cobi, kapan, lan kala punapa. Ukara pitakon bisa kapilah-pilah
dadi kaya ing ngisor iki.
a.
Ukara pitakon lumrah
Tuladha :
Ø Omahmu
ing ngendi?
Ø Saiki
wis jam pira?
Ø Paramasastra
kuwi apa ta tegese?
b.
Ukara pitakon kang ora perlu wangsulan
(ukara retoris)
Tuladha :
Ø Kesandhung
kuwi apa lara ta, Kang?
Ø Sapa
sing ora kepingin munggah ing kelas iki?
Ø Iki ta daleme
Pak Teguh?
c.
Ukara pitakon paminta
Tuladha :
Ø Piye yen
leren dhisik?
Ø Saumpama
klambi kuwi diwenehake adhimu piye, Ndhuk?
Ø Kowe
mathuk apa ora yen saiki awake dhewe besanan?
Kapetik saka Buku Basa Jawa Kelas XII Tahun 2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar