Mendhem
ari-ari
Mendhem ari-ari iku salah
sijining upacara kelairan sing umum diselenggarakake malah uga ana ning
dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya.Ari-ari iku perangan
penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi isih ning njero rahim. Istilah liya
kanggo ari-ari yaiku:aruman utawa embing embimg
Ing jawa ana kapercayaan sedulur papat, kakang kawah adhi
ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. wong jawa percaya yen ari-ari iku sejatine
salah siji sadulur papat utawa sadulur kembar si bayi mulane ari-ari kudu
dirawat lan dijaga umpamane enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwenehi lampu
(umume sentir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo
bayi. Senthir iki dinyalakake nganti 35 dina (selapan).
Tata cara
Ari-ari dikumbah
nganti resik dilebokake ning kendhi utawa bathok kelapa. Sadurunge
ari-ari dilebokake, alas kendhi diwenehi godhong senthe banjur kendhine ditutup
nganggo lemper sing isih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur
digendhong, dipayungi, digawa ning papan penguburan. Papan penguburan kendhi
kudu ning sisih tengen pintu utama omah.
Sing mendhem kendhi
kudhu bapak kandung bayi.
Sumber : http://octavianor.blogspot.com/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar