1. Tembung Pratela
Tembung pratela kanggo mratelake
barang
Barang ing kene bisa ateges :
manungsa, kewan, prakara, kahanan patrap, cacah, ukuran, takeran, timbangan,
panggonan, wektu, lan sapiturute.
Tembung pratela iku ana 6
golongan :
1)
Mratelake Barang
a. dienggo
mratelake barang kang nunggal panggonan karo wong sing kandha / mratelake,
Tembunge : iki, kiye, kiyi niki punika
ngoko madya krama
b. dienggo
mratelake barang kang panggonane cedhak karo wong sing kandha / mratelake,
Tembunge : iku, kuwe, kuwi niku punika
ngoko madya krama
c. dienggo
mratelake barang kang panggonane adoh karo wong sing kandha / mratelake,
Tembunge : ika, kae, niku nika punika
ngoko madya krama
Tuladha : - Mratelake barang kang wis gumathok
Lemah
iki ora didol, sing diedol omah kae.
Sampeyan
punika badhe tumbas punapa badhe sade?
2)
Mratelake barang kang mentas dirembug
Tembunge : mau wau
/ kalawau
ngoko krama
Tuladha : Tanduran sing jarene regane larang mau
jenenge apa?
Lare ingkang jenengan
ngendhikakaken kalawau putranipun sinten?
3)
Mratelakake kahanan utawa patrap
Tembunge : mangkene,
mangkono, mangkana ngene,
ngono, ngana
ngoko basa
pacelathon
maketen, makoten makaten ngeten, ngoten, ngaten
madya krama basa pacelathon
Tuladha : Ngene lho carane ngenam klasa sing
bener, ora ngono kuwi.
Tiyang pasadherekan
makaten kedahipun sayuk rukun.
Ngeten lhe mbak niki wau
larene dawah ing ngajeng griya kula.
4)
Mratelake cacah, ukuran, takeran,
timbangan
Tembunge : samene,
samono, samana samanten, samonten samenten
ngoko madya krama
Tuladha : Bakmi mung samene mangsa cukupa
didum wong 7.
Jajanan samono
akehe kok isih tuku maneh.
Dhuwit samana
akehe mau apa blanjamu sesasi?
Menawi kedah mbayar samanten
kathahipun kula boten sagah.
5)
Mratelakake wektu
a) Kang
ateges : wektu mangkene (kaya saiki)
Tembunge : wayah mene
Tuladha : Wayah
mene kowe lagi muleh ta?
Wis
wayah mene kok rak ndang adus.
b) Kang
ateges : ing wektu iki
Tembunge :
saiki saniki sapunika
ngoko madya krama
Tuladha : Sapunika
punapa sampun mlebet mangsa rendeng?
Sampeyan
saniki nyambut damel ing pundi?
c) Kang
ateges : wektu kang wis kepungkur (tegese ing wektu iku)
Tembunge : dheksamana dheksamanten kala/nalika
samanten
ngoko madya krama
Tuladha : Sampeyan taksih nyimpen foto dhek samanten
ta?
d) Kang
ateges : tumekane saiki
Tembunge : saprene sapriki
ngoko krama
Tuladha : Wis
telung taun saprene dheweke manggon ing kutha.
Wiwit lulus sekolah dumugi dapriki kiyambakipun
dereng pikantuk padamelan.
6)
Mratelakake panggonan barang kang dadi
keterangane tembung aran
Tembunge : kene,
kana, kono ngriku,
ngriki, ngrika
ngoko krama
Tuladha : Kowe aja lunga menyang ngendi-endi ing
kono bae.
Kana kae omahe kancaku.
Mengko yen wis rampung
selehna kene bae.
Kula wau sampun saking
ngrika.
Ing ngriki kula minangka
sulihipun tiyang sepuhipun.
Tiyang dhusun ngriku
sami gotong royong damel gapura.
Bedane
tembung ngriki karo tembung mriki
Ngriki : mratelakake panggonan
Mriki : ngener kene / ngener
ngriki
Tuladha : Lepen ing ngriki toyanipun bening sanget.
Mantuk
rumiyin kemawon, mangke mriki malih.
Kapetik saka Buku Basa Jawa Kelas XII Tahun 2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar