Blogger Widgets

Jumat, 02 Januari 2015

Tembung Aran



Tembung aran  (nomina, kata benda) yaiku jinise tembung kang mratelakake jenenge wong, papan panggonan, utawa barang lan samubarang kang dianggep barang, sing ora bisa digandhengi tembung ora lan lumrahe dadi jejer utawa lesan ing ukara.

Saka wujuding barang (dudu wujude tembung) tembung aran kaperang dadi :
1.      Tembung aran barang kasat mata (Nomina konkret)  Tembung aran barang-barang kang maujud, bisa dideleng mripat (kasat mripat)
Tuladha :
gunung, meja, omah, gambar, angin, hawa, lintang, lemah, kali, Jakarta, Surakarta, guru, dhokter,

2.      Tembung aran barang ora kasat mata (nomina abstrak). Tembung aran kang asale saka tembung kahanan utawa tembung kriya, kang tumuju marang sawijining objek utawa marang sawijining prastawa utawa marang sawijining abstraksi.
Tuladha :
Ngelmu, pikiran, kuwajiban, pagaweyan, kabecikan, kekendelan, katresnan,

3.      Tembung aran barang sing nduweni nyawa. Tembung aran kang nduweni nyawa utawa dianggep duwe nyawa.
Sing kagolong nomina persona yaiku :
a.       Jeneng wong pribadi : Sunarti, Sujayana, Partana, Darminta, lsp. Jeneng wong pribadi ora bisa dirangkep.
b.      Tembung aran paseduluran: buyut, embah, bapak, lik, kakang, mbakyu, adhi, keponakan, prunan, lsp.
c.       Tembung aran kang mratelakake wong utawa sing dianggep wong : memedi, raseksa, malaekat, setan, lsp.
d.      Tembung aran kang mratelakake kumpulane wong: Landa, Cina, Jepang, Melayu, Jawa, India, Bugis, Sasak, lsp.

4.      Tembung aran barang tanpa nyawa
a.       Jenenge lembaga: DPR, MPR, KPK, Mahkamah Konstitusi.
b.      Jeneng bab ngelmu bumi: Surabaya, Majakerta, Madiun, Flores, Papua, Kalimantan, lsp.
c.       Ukuran, takeran, lan timbangan: iji, ler, lonjor, botol, kothak, kerdhus, liter, gram, kilo, lsp.
d.      Nirokake swara : bengingehe, kluruke, jlegure, kropyake,lsp.

5.      Tembung aran barang kang bisa dietung lan ora bisa dietung.  
Sing diarani tembung aran barang kang kena dietung  bisa  digandhengi karo tembung wilangan (numeralia) kayata:  dhukuh, desa, kuta, negara, meja, kursi, lemari, buku, potelot, setip, garisan, kantor, sekolahan, banyu, kedhele, kacang, lsp.
Sing diarani tembung aran barang kang ora bisa dietunge antara liya: hawa, angin, kasekten, kabagyan, kasenengan, lsp

Tidak ada komentar:

Posting Komentar