Blogger Widgets

Minggu, 04 Januari 2015

Upacara Midodareni



Upacara iki dilaksanake ing malem sawise Siraman. Midodareni ateges ndadekake pengantin putri  kaya ayune Dewi Widodari. Pengantin putri arep ditinggal ana ing kamar awit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani kanca-kanca wadon liyane. Kanca-kancane kuwi kudu omong-omongan lan menehi nasehat kanggo pengantin wanita.
Wong tuane pengantin wanita arep menehi maeman kanggo sing terakhir. Amarga wiwit sesuk dheweke wis dadi tanggung jawabe bojone.

Peningsetan
Peningsetan asale saka kata ‘singset’ utawa langsing,nduweni teges kanggo ngraketake. Keloro kaluarga pengantin setuju kanggo kaloro anake diraketke ing tali pernikahan. Kaluarga penganten lanang teka ana ing omahe pengantin wanita nggawa hadiah  kayata :
1.     Sak set Suruh Ayu  utawa godhong kang wangi mambune , artine ndongake supaya selamet
2.    Ageman batik kang motife bedha-bedha , artine ndongake supaya bahagia
3.    Kain kebaya , artine ndongake supaya seneng
4.    Stagen warna putih , artine kapinginan kang kuat saka pengantin waita
5.    Buah – buahan , artine ndongake supaya sehat
6.    Sepasang cincin kanggo kekalih pengantin
7.    Duwit , kanggo upacara perkawinan

Upacara iku uga disebut upacara Serah-Serahan bias diartine calon pengantin putri diserahake ana ing keluarga calon pengantin lanang dadi mantune utawa calon pengantin lanang Nyantri neng omahe calon penganten wanita.
Sesajen kanggo upacara Midodareni :
1.     Sega dimasak nganggo santen
2.    Ayam ingkung sing wis dimasak
3.    Bumbu janganan
4.    Kembang telon
5.    Teh lan kopi pahit
6.    Degan nganggo gula jawa
7.    Lampu lentera sing diuripke
8.    Kembang setaman
9.    Lemper , kue
10.  Pisang Raja
11.   Rokok lan kretek

Ubarampe sing diwenehake ana ing kamar pengantin :
1.     Sak set Kembar Mayang
2.    2 Kendi sing diisi pring , jamu , beras , kacang , lsp. Lan ditutupi kain batik
3.    2 kendi sing diisi banyu kembang setaman ditutupi godhong dadap serep
4.    Ukub yaiku nampan kang isine wangi-wangian godhong lan kembang sing dikekne neng ngisor amben/tempat tidur
5.    Suruh Ayu
6.    Kacang
7.    7 werna kain tradisional

Maeman sesajen bisa diwetokke saka kamar sawise tengah wengi. Kaluarga lan tamu bisa nyicipi panganan mau.

Nyantri
Saksuwene acara Midodareni , calon pengantin lanang ora oleh mlebu nemoni keluarga pengantin wanita. Kaluarga sing ana ing jero ngomah , calon pengantin lanang oleh lungguh ning ngarep omah lan dikancani anggota kaluarga. Ing wektu kuwi , dheweke mung diwenehi sagelas wedhang putih lan ora oleh ngrokok. Calon pengantin lanang lagi oleh mlebu maem ing tengah wengi. Iku ateges pelajaran menawa dhewke kudu bisa nahan luwe lan godaan.
Sadurunge kaluarga ninggalke omah , wongtuane nitipke anake neng kaluarga calon pengantin wanita. Lan wengi kuwi calon penganten lanang ora mulih ning ngomah. Sawise kabeh metu lan mulih , lagi calon penganten lanang oleh mlebu ning ora oleh mlebu kamar pengantin. Calon mertuane wis nyiapake panggonan kanggo wengi kuwi. Iki disebut Nyantri. Nyantri dilaksanake kanggo alasan keamanan lan praktis. Ngelingi menawa sesuk calon penganten didandani lan disiapne kanggo upacara Ijab lan acara –acara liyane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar