1. WAYANG
a. Wayang Kulit
Wayang kulit yaiku seni tradhisi
kang ana ing Jawa Tengah, Jawa Timur lan Bali. Wayang kulit awujud boneka kang
digawe saka kulit kewan diwenehi warna cet lan rupane kaya manungsa. Paraga
kang awujud wayang iku dimainake dening sawijining pawongan kang diarani
dhalang.
Wayang kulit mujudake hiburan utawa
tontonan kang digelar ing wayang wengi (sewengi muput).
Babagan kang ana ing sajroning
wayang kulit yaiu:
Kelir: layar amba warna putih kang mujudake background/latar belakang
kanggo mainake wayang.
Blencong: lampu minyak kanggo madhangi layar supaya wayang iku menawa ditonton
saka samburine layar bisa ngasilake ayang-ayang.
Mahabharata lan Ramayana: cerita kang dimainake ing pagelaran wayang kulit.
Paraga-paraga ing cerita Mahabharata kayata: Pandhawa Lima (Yudhistira, Bima,
Arjuna, Nakula, lan Sadewa) lan Kurawa (Duryudana, Dursasana, Bambang Swatama,
Durmagati, Kartamarma, lsp.).
Sindhen/Waranggana: pawongan kang nembang ing sajroning pagelaran.
Nayaga: wong-wong kang nabuh gamelan (pelog lan slendro) ngiringi sindhen
nembangake tetembangan.
b. Wayang Golek
Wayang golek yaiku seni tradhisi
kang ana ing Jawa Tengah lan Jawa Barat, awujud boneka kang digawe saka kayu.
Wayang golek uga dimainake dening dhalang, nanging ora nganggo kelir, dadi
pamiarsa ora nontong ayang-ayang, nanging bisa weruh langsung wujude wayang
iku.
Babagan kang ana ing sajroning
wayang golek meh padha kabeh kaya ing wayang kulit. Saliyane cerita Mahabharata
lan Ramayana, ing pagelaran wayang golek uga dimainake cerita Menak, yaiku
cerita ngenani penyebaran agama Islam.
2. Tari Barong
Tari barong yaiku seni tradhisi kang
asale saka Bali. Tari barong digelar ing wayah esuk lan pagelaran iku mau
dianakake ing ngarep lawang pura. Cerita kang diangkat ing pagelaran tari
barong yaiku Calon Arong, kang nyritakake dharma (perkara kang apik)
mungsuh adharma (perkara kang ala). Paragane awujud menungsa kang
didandani dadi barong (tokoh sing apik) lan leak (tokoh kang jahat). Tari
barong uga diiringi nganggo gamelan komplit karo nayagane.
3. Sintren
Sintren yaiku seni tradhisi kang
nggunakake mladhang (dhukun) kanthi jampi-jampi lan kebule kukus menyan sarta
tetabuhan, pemain/penarine wong wadon kang durung jejodhoan. Menawa prawane wis
ora suci, pagelaran sintren ora bisa kaleksanan.
Sadurunge njoged, penari dilebokake
ing sanjerone kurungan pitik.
Sintren biasane digelar ing wektu
bengi ing wayah ketiga amarga kanggo nyepetake tibane udan.
4.
Tayub
Tayub utawa tayuban yaiku kesenian
rakyat kang awujud joged, kang ana ing Jawa Barat, Jawa Timur, lan Jawa Tengah.
Tayub nduweni sebutan warna-warna, yaiku
- ing Blora diarani Sindhir (Sindhiran),
- ing Pacitan diarani Janggrung,
- ing Banyumas diarani Lengger,
- ing Jawa Barat diarani Ronggeng,
- lan ing Banyuwangi diarani Gandrung.
- ing Bali uga ana joged meh padha karo tayub, kang diarani Joged Bumbung.
Ing sawijining pagelaran tayub, ana
5 perangkat (unsur) kang ora kena dipisahake, yaiku:
(1)
Seniman Joged (Pengibing, Penandhak) yaiku pambeksa priya sing ketiban sampur,
(2)
Seniman Pengarih yaiku sawijining petugas sing diwenehi tugas ngawasi yen ana
pangibing sing tumindak kliwat wates, upamane nglanggar aturan main utawa nerak
kausilan,
(3)
Seniman Pengrawit yaiku pengrawit tembang nganggo seperangkat gamelan.
(4)
Juru Beksa Putri, yaiku penembang/vokalis kairingi seperangkat gamelan.
(5)
Pangguyub yaiku wong kang nduwe tanggung jawab sakabehe pagelaran.
5. Reog Ponorogo
Reog Ponorogo mujudake kesenian
kanga asale asli saka Ponorogo, Jawa Timur. Paragane awujud wong kang nganggo
topeng macan, lan wong-wong kang numpak jaran kepang.
Cerita kang diangkat ing sajroning
pagelaran Reog Ponorogo dijupuk saka sejarah Kerajaan Bantarangin (Ponorogo),
kang diprentah dening Prabu Kelono Sewandono kang jaman semana arep nglamar
Dewi Sangga Langit saka Kediri. Ing tengah dalan, rombongan Prabu Kelono
Sewandono dicegat dening Singo Barong. Wusanane perang adu kasekten ora bias
dialang-alangi, nanging Singo Barong kalah, banjur gelem dadi abdine Prabu
Kelono Sewandono.
Piranti musik kanggo ngiringi pagelaran
Reog Ponorogo yaiku: kendhang, kenong, kempul, trompet, gong, lan angklung.
6. Jolenan
Jolenan yaiku tradhisi
merti/ngresiki desa kang ana ing Desa Somangari, Kecamatan Kaligesing,
Kabupaten Purworejo, Jawa Tengah. Jolenan dianakake saben wulan Sapar rong
tahun pisan.
Tradhisi jolenan diwiwiti esuk,
sarampunge jolen ditata lan didandani bareng ing lingkungan RT utawa dhukuh
dhewe-dhewe, banjur digawa menyang Balai Desa arep dikirab. Sadurunge diarak
mubeng desa, kabeh kelompok kesenian tradisional sing ana ing Desa Somangari
dipentasake dhisik ing ngarep kuburane Mbah Kedhono-Kedhini kang mujudake
leluhur warga desa.
Jolen isine tumpeng, ingkung pitik,
gemblong, lelawuhan, lan maneka warna jajanan liyane. Ing njaba jolen isih ana
woh-wohan sing ditata kaya gunungan.
7. Sekaten
Sekaten yaiku tradhisi kang ana ing
Ngayogyakarta lan Surakarta kang dianakake saben tanggal 12 Rabi’ul Awal, yaiku
kanggo mengeti wiyose Nabi Muhammad SAW. Sekaten biasane digelar ing alun-alun
kraton.
Ing tradhisi sekaten ana tontonan:
- Tetabuhan gamelan (Kyai Sekati, Kyai Guntur Madu, lan Kyai Naga Wilaga),
- Wong dodolan endhog abang,
- Wong dodolan suruh kinang,
- Wong dodolan pecut,
- Wong dodolan sega gurih, lan
- Metune gunungan grebeg saka kraton kang mujudake sedekah Sri Sultan kanggo kawulane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar