1. Definisi
Skenario yaiku rantaman utawa
ringkesan lakon sandiwara, drama, film, lan sinetron. Skenario utawa naskah iku
kadadean saka babak-babak.
Saben babak, biasane dibagi
perangan-perangan kang diarani adhegan, lan adhegan iku perangane babak kang
diwatesi dening owah-owahane swasana, papan, lan gentine utawa tekane paraga
liya.
Ing sajroning skenario ana istilah
kang diarani pandom, yaiku perangane naskah kang nerangake kahanan/swasana,
sipat lan tingkah lakune paraga, lan liya-liyane. Biasane, pandom iku ditulis
ing antarane tandha kurung.
Menawa arep gawe skenario sing asale
saka sawijine crita prosa, kita kudu ngowahi wujud crita saka prosa iku dadi dialog.
2. Tuladha Skenario
Tarno
mlebu. Ambegane ngos-ngosan, kringete pating kleler,
|
||
Yani
|
:
|
Kowe saka ngendi, Tarno? Kok
mlayu-mlayu lan ambeganmu ngos-ngosan.
|
Bambang
|
:
|
Iya, ana apa, No?
|
Tarno
|
:
|
Saka omahe Pak Bardi. (Isih
karo ngos-ngosan)
|
Yani
|
:
|
Leren dhisik, lan ambegane ditata!
|
Bambang
|
:
|
Yan, jupukna banyu putih!
|
Tarno
|
:
|
(ngombe
banyu putih kang dijupukake Yani)
|
Bambang
|
:
|
Wis, saiki critakna kadadeane
kanthi alon-alon!
|
3. Pentas Drama
Pentas drama yaiku mraktekake utawa
maragakake skenario/naskah nganggo piranti-piranti kang nyata. Drama meh padha
karo film, bedane menawa ing sajroning pementasan drama ora bisa diendhek, yen
ana kesalahan ing sajroning pentas iku, paraga kudu bisa gawe improvisasi
dhewe. Nanging menawa ing film bisa diendhek, amarga proses gawe film iku
nganggo kamera, yen ana sing salah bisa dibaleni shooting maneh. Drama
uga bisa dipadhakake karo teater, mung bae teater iku cakupane luwih amba.
Yen arep mentasake sawijining drama,
kudu nemtokake:
- Latar lan Panggung
Latar yaiku papan lan wektu. Papan
lan wektu ing drama kudu cocok karo critane. Upamane crita Diponegoro,
panggonane ana ing Jogjakarta (bisa neng jero omah utawa neng medhan gerilya),
ing antarane taun 1825-1830.
Dene panggung yaiku papan kanggo
pentas drama kang digawe kanthi nggambarake latar. Jenis panggung ana loro: (1)
Panggung Realis, yaiku panggung nggunakake property kang
nggambarake suasana padha karo ing crita skenarione. Ing panggung realis
bisa digunakake backdrop, yaiku kain kang ana gambare kang bisa digulung
utawa diunggah-udhunake lan mbentuk latar belakang panggung, lan (2)
Panggung Abstrak, yaiku panggung nggunakake perlengkapan apa anane utawa
simbolik.
- Alur
Alur yaiku lelakoning crita. Alur
iki isine konflik antarane tokoh siji lan sijine, antara tokoh ala lan
becik.
- Blocking
Blocking mujudake gerak lan pindhahe para paraga ing ndhuwur
panggung. Gerak lan pindhahe paraga siji lan liyane kudu padha-padha bisa
menehi panggonan, supaya menawa ditonton dening audien ora ana paraga
sing ketutupan dening paraga liyane.
Pentas
drama dening Teater Hampa Indonesia
|
- Tata Busana lan Make Up
Busana utawa kostum kang dienggo
dicocokake karo paraga/pelakune. Upamane ana pelaku bocah sekolah, busanane ya
kudu nganggo seragam sekolah komplit karo nggawa tas lan alat tulis. Menawa
peran polisi, ya luwih becik nganggo seragam polisi. Nanging menawa ing drama komedi,
busana iku ora kudu dicocokake karo paragane.
Make Up yaiku saperangkat alat kanggo ngubah penampilan wajah
wong kang dadi paraga ing drama. Upamane ing naskah ana peran wong tuwa,
nanging calon paragane ora ana sing tuwa, mula fungsi make up iku
dienggo ndandani rai calon paraga iku supaya katon tuwa.
- Lampu (Lighting)
Lampu utawa lighting iku
digunakake kanggo pementasan drama menawa dimainake ing wayah wengi. Werna
lampu kang dienggo ing pementasan drama bisa akeh kayata: abang, kuning, biru,
ijo, lan liya-liyane. Werna lampu iku saliyane kanggo penerangan lan nambah
daya estetika uga kanggo nggambarake suasana crita. Padhang-petenge
lampu bisa diatur nganggo alat setelan lampu dimmer.
- Musik
Musik ing drama iku dumadi saka
suara-suara kang diasilake saka alat musik modern utawa alat musik
tradhisional/gamelan, kayata: gitar, biola, suling, gong, lan liya-liyane. Alat
musik uga bisa digawe saka barang-barang apa anane, kayata: gelas, piring,
botol, lan liya-liyane. Suara musik mesthine dicocokake karo suasana adhegan,
menawa adhegane sedhih musike uga kudu sedhih. Menawa adhegane seneng ya musike
kudu sing seneng.
- Perlengkapan/Property
Perlengkapan kang dienggo ing
sajroning pementasan drama iku bisa komplit utawa bisa sak anane bae,
dicocokake karo panggunge. Latar belakang/background bisa digawe nyata
utawa simbolik. Perlengkapan kang biasa dienggo ing sajroning pentas
drama kayata:
- Level, yaiku kothak kanggo ngadeg paraga kang dhuwure kira-kira 40 cm, lan ukuran ambane ora ditemtokake,
- Meja lan kursi, luwih becik kang digawe saka kayu lan bobote entheng menawa arep dipindhah ora merlokake wektu kang suwe,
- Kembang, biasane kang wis urip ing ngepot.
- Gambar-gambar saperlune,
- Topeng, lan liya-liyane.
- Personil
Personil ing sajroning pentas drama iku paling ora kudu ana:
- Sutradara, yaiku wong kang ngatur lakune drama wiwit saka latihan nganti pementasan. Sutradara uga kudu bisa milih personil-personil liyane,
- Tata Musik, yaiku wong kang mahir mainake musik kanggo suara latar (soundtrack) pementasan,
- Tata Lampu, yaiku wong kang tugase ngatur pencahayaan ing panggung,
- Tata Busana lan Make Up, yaiku wong kang nyiapake kostum kanggo paraga lan ndandani penampilan wajah paraga,
- Tata Panggung lan Property, yaiku wong kang tugase nyiapake panggung lan mindhah barang-barang kang ana ing ndhuwur panggung ing saben ganti adhegan,
- Pelaku utawa paraga, yaiku ana gegayutane karo watak. Sing kudu diterangake nalika nemtokake pelaku yaiku: jeneng, umur, lanang utawa wadon, ciri fisik (kayata rambut, warna kulit, pawakan, lan sapiturute), kalungguhan utawa jabatan (raja, kawula, abdi, lan sapiturute). Sajroning milih paraga (casting), sutradara kudu bisa milih calon paraga supaya jumbuh karo paraga kang arep dilakoni, nanging ing drama komedi bisa kosok balene.
- Sinopsis
Sinopsis mujudake ringkesan skenario lan paraga, sarta kru
sing mainake drama, biasane digawe kaya brosur/selebaran. Tujuan sinopsis
iki kanggo narik kawigatene wong supaya nonton pementasan drama. Tuladha sinopsis
kaya ing ngisor iki:
TEATER
XI IPA SMANTANG
MéNTASAKé:
sang pemimpi
(Naskah:
Andrea Hirata)
Ikal
mujudake paraga alteregon penulis yaiku Andrea Hirata, dene Arai
minangka sedulur adoh sing wis yatim piatu lan diarani simpai keramat
amarga sawijining anggota kulawarga keri dhewe sing isih urip lan wusanane
dadi sedulur angkat. Lan Jimbron, bocah kang uga wis yatim piatu kang nduweni
obsesi karo kewan jaran, lan menawa guneman kerep gagap.
Bocah
telu iku dadi kanca raket wiwit isih cilik nganti sekolah ing SMA Negeri
Manggar, sekolah kang dibangun dhisik dhewe ing Belitung bagian wetan.
Sadurunge mangkat sekolah, katelune nyambut gawe dadi kuli ing pelabuhan
iwak.
Crita
diwiwiti saka katelune kang nduweni rasa seneng lan ketagihan nonton film
panas ing bioskop nganti sawijining dina konangan guru ngajine, dibacutake
crita asmarane Arai lan Jimbron, perpisahan Jimbron karo Arai lan Ikal kang
arep nerusake kuliah ing Jakarta, Arai lan Ikal mengkone uga pisah nanging
janji arep ketemu maneh ing Negara Perancis. Urip mandhiri pisah saka wong
tuwane kanthi donya kang sarwa pas-pasan kanggo urip, nanging tetep nduwe
cita-cita gedhe. Cita-cita kang bisa disawang saka latar belakang
panguripan dheweke, yaiku mung sawijining impen.
|
PARAGA:
I
k a l
(LAKSONO MARTADI)
Jimbron
(MA’RUF FIDARTO)
A
r a i
(AHLIANDA RAHASTIAN)
Zakiah
Nurmala binti Berahim
(LELYANA OKTAVIA)
Pak
Mustar M Djai’din BA
(AKMAL SETIAWAN)
Pak
Drs. Julian Ichsan Balia
(PADAKA AJI BASUNDORO)
TATA MUSIK:
CHRISTOPHER WOLTER
GREGORY HANS EDWIN
FEBRI CINTYA MAHARANI
TATA LAMPU/LIGHTING:
RAKA PRAYESA
ADI PRASETYO
TATA BUSANA lan MAKE UP:
RENJANA NUR IMANDA
HAFIZ IMAM MUSLIM
TATA PANGGUNG lan PROPERTY:
HARYANTO
SIDIQ SETIA AJI
M. MUYAMAMUN
SUTRADARA:
TIARA DEASYANTARI
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar