Tradisi
nyadran iku symbol anane gegayutane karo para leluhur lan Mahakuasa. Kanggo
wong jawa kagiyatan taunan sing jenenge nyadran utawa manganan iku ungkapan refleksi social-keagamaan. Iku kabeh dilakoni karo salahsawijining
masyarakat ing desa Sambong Kec. Purwosari Kab.Bojonegoro iku dianakake kanggo
ziarah ning makam leluhur. Tradisi Jawa pancen unik, nduweni ngelmu sing
menehi pepeling marang anak(putu) supaya ngerti marang leluhur. Tuladhanipun
masyarakat ing desa Sambong Kec. Purwosari Kab.Bojonegoro nganakake ziarah ning
makam leluhur. Manganan iki salah sijine wujud pelestarian warisan tradisi lan
budaya nenek moyang. Amarga budaya masyarakat iku wus ngraket dening masyarakat
ndadekake masyarakat jawa njunjung tinggi nilai-nilai luhur kabudayaan. Acara
nyadran iku erat kaitane kaliyan adat lan istiadat Jawa. Apa maneh yen
masyarakat gelem ngrembakakake, adat istiadat sing ana iku bakal dadi salah
sijine wisata budaya sing adi luhung. Apa maneh tradisi kasebut nganti saiki
isih ditindakake lan nduweni nilai islami.Tradisi nyadran yaiku pesta rakyat
sing awujud bentuk rasa syukure masyarakat marang Gusti Allah amarga bumi iki
bisa dadi sumbere urip. Acara manganan utawa nyadran lumrahe saben desa nduweni
dina, tradisi lan panggonan sing beda-beda. Ana sing dirindakake ing sendang,
kuburan lan punden. Panggonan sing kaanggep masyarakat iku dadi cikal bakale
anane desa-desa. Sakliyane mengeti nyadran utawa manganan sing nduweni wujud
rasa syukur marang Gusti Kang Akarya Jagad yaiku supaya ora ana gangguan roh
jahat lan mahluk alus. Tradisi nyadran tumrap wong
jawa dianggep wigati banget. Umume ditindakake ing sasi Ruwah (saka tembung
arab arwah). Tradisi nyadran ora bisa pisah
karo kembang utawa sekar. Mula ana istilah nyekar para leluhur nganggo uba
rampe kembang (mawar, kenanga, mlati, telasih lan liya-liyané). ana ing
bebrayan, kembang dadi pratandha (lambang, simból) sesambungan utawa talirasa
tresna, asíh, dúhkita, sungkawa lan liya-liyane. Tradisi nyadran pranyata
wís lumaku wiwít jaman Majapahít nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isíh
lestari tekan saiki lan dipepetri deníng masyarakat, khususe ing tlatah
padésan. Nyekar ing sasi Ruwah nduweni surasa utawa wulangan marang anak putu
supaya padha tresna lan eling marang leluhur. Ing sasi ruwah iki akeh pepundhen kang disowani
lan diresiki. Nyadran tumrap wong Jawa dianggep wigati, amarga ana bab kang
sambung karo tradisi spiritual. Istilah tradisi, mula bukane saka tembung latin
tradere utawa tradition tegese ” maringake saka ndhuwur”. Sing diparingake
babagan kang nduweni nilai kang adi(luhur, luhung).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar