A. Atur Pasrah Lamaran Calon
Penganten
Pasrah lamaran calon penganten
kalebu salah sijining sesorah. Babagan sing magepokan karo theg kliwere
sesorahwiskaterangake ing ndhuwur mula saka kuwi, ing ngisor iki diwedharake
tuladhane atur pasrah penganten. Simaken kanthi setiti!
a. Tuladha Atur Pasrah Penganten
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun!
Panjenenganipun para pepundhen, para
pinisepuh ingkang tansah angudi dhumateng pepoyaning kautamen, saha pantes
tinulad tuwin kinabekten, menapa dene panjenenganipun para tamu putri miwah
kakung ingkang saestu pantes nampi ing boja krami.
Kanthi tansah angunjukaken puja-puji
syukur wonten ngarsanipun, mugia tansah rahayu sagung dumadi ing salami-laminipun,
kalebet kula panjenengan sedaya. Amin. Amin Ya Rabbal ‘Alamiin.
Nuwun sewu mugi tansah
tinebihna saking tulak sarik menapa dene bebendu, dene kula cumanthaka
kumawantun marak sowan anggempil kamardikan panjenengan sedaya ingkang saweg
samya eca pangandikan, inggih awrat mundhhi dhawuh tinimbalansaking Bapak-Ibu …
saperlu angyangkul jejibahan luhur minangka duta saraya sulih sarira
Panjenenganipun Bapak/Ibu …. Ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan,
kula minangkasulih sarira aking saking panjenenganipun Ibu/Bapak … ingkang
sepisan ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan, sumrambah
para keluarga samudayanipun, dene dhumateng para pinisepuh ngaturaken
sungkeming pangabektos.
jangkep angka kaping kalih, ing
nguuni sampun wonten pirembagan ing antawisipun Bp/Ibu …, anggadhahi putra
kakung sesilih pun Bagus … kaliyan Bapak/Ibu … ingkang kagungan putra-putri
asesilih gendhuk … golong giliging rembag nedya anuntumaken balung pisah daging
renggang, bebasan angebun-ebun enjang anjejawah sonten (saking tembung
awun-awun lan rarabi), andhodhok ing latar andhodhog lawang sumedya nginang
jambe suruhe , kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun sami
pepetangan anunggil cipta, rasa miwah karsa, ingkang menika saking adrenging
manah panjenenganipun Bapak/Ibu … anggenipun katampi panglamaripun pramila iing
wekdal menika ngaturaken sarana miwah upakarti minangka jangkeping tata cara
sesemahan.
Wondene ingkang badhe kaaturaken
wonten ngarsanipun Ibu/Bp … inggih punika :Sanggan saha majemuk ingkang
sampun wonten wujudipun kanthi pangajabing sedya minangka sarana sahipun
sesanggeman saha raketing kekadangan, satemah boten pisah ing
salami-laminipuun.
- Ageman ingkang awujud … minangka cihnaning katresnanipun Bapak/Ibu … kangge calon putra pinanganten inggih yoganipun Ibu/Bp … pun gendhuk ….
- Ndungkap atur angka tiga boten kesupen Bapak/Ibu … ngaturaken dana wujudipun arta , kenginga kadamel angentheng-ngenthengi anggenipun Ibu/Bapak …anetepi darmaning asepuh inggih amengku gati amiwaha putra.
Kajawi menika, panyuwunipun
Bapak/Ibu …, ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi
calon penganten kaijabna sarta kapanggihna miturut satataning agami saha adapt
ingkang sampun kalampah wonten ing mriki wiwitt alam kuna ing uni.
Minangka pungkasaning atur,
mbokbilih Bapak/Ibu … anggenipun ngaturaken sarana dalahh upakarti wonten
kuciwa lan kirangipun, mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksama.
Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Ibu/Bapak …, menawi
wonten galap-gangsuling atur, gonyak-ganyuking wicara miwah boten jangkep ing
unggah-ungguh lan tata basa satemah adamel runtiking wardaya, saestu nnamung
tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.
Akhirul kalam, wa billahi taufik wal
hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun.Nuwun.
B. Panampi Pasrah LamaranYen ana atur pasrah lamaran mesthine uga ana panampi pasrah lamaran calon penganten. Panampi pasrah lamaran calon pengantten ora beda adoh karo atur lamaran . ing ngisor iki ana tuladha panampi pasrah lamaran. Wacanen kanthi setiti.
Panampi Pasrah Lamaran Calon Penganten
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun!
Dhumateng panjenenganipun Bapak … (ingkang nyalirani pasrah) ingkang sampun kepareng anyalirani pangandikanipun Bapak … sekaliyan, minangka duta sraya (badhe kadang besan), ingkang pantes sinuba ing pakurmatan.
Kanthi raos kurmat saha nyuwun sewu agunging pangaksama, inggih awit muundhi dhawuh timbalanipun raka … sekaliyan (ingkang mengku karya), awit keparengipun, kula piniji minangkka tetalangiing atur, supados anampi menggah wosing atur linambaran osiking manah ingkang luhur panjenenganipun Ibu/Bapak …, lumantar panjenengan.
Minangka purwaning atur, senadyan sampun kepara kasep angambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang ingkang tanpa pepindhan dene tindak panjenengan sampun kasembadaning sedya, kanthi manggih kawilujengan datan wonten pringga bayaning marga.
Salajengipun, sanget katampi kanthi gumbiraning manah, atur salam taklim sarta sungkem pangabektos saking panjenenganipun badhe calon besan lumantar panjenengan, salajengipun dhumawaha sami-sami lan samangke kaaturna wangsul.
Wondene atur pasrah paringipun sarana jangkeping salaku rabi, kula tampi kanthi suka bingahing manah, samangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bpak … sekaliyan. Boten sanes Ibu/Bp …, namung ngaturaken agenging panuwun menggah sedaya peparingipun badhe calon kadang besan, pratandha yekti kasoking sih katresnan dhumateng Bapak/Ibu … sekaliyan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami anetpi darmaning asepuh anggenipun ngentas pitulus putra lan tansah manggih raharja tuwin bagya mulya.
Makaten, atur panampi saking Bapak … sekaliyan, lumantar kula, saha ngaturi uninga bilih sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab sahakabulsarta panggih, dipunsuwun panjenenganipun Bapak … sekaliyan wontena keparengipun anjenengi saha paring donga pangastuti murih rahayuning sedya.
Minangka pungkasaning atur, mbokbilih menawi wonten kuciwaning boja krami, anggen kula nampi menggah ing rawuh panjenengan sedaya, mugi tansah paringa sih samodra pangaksami. Semanten ugi kula, minangka tetalanging basa mbokbilih galap-gangsuling atur saha kiranging subasita, kupat duduhe santen sedaya lepat nyuwun pangapunten.
Akhirul kalam, Wa bilahit taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun!
Sumber : http://ngleluribasajawa.wordpress.com/2011/05/25/modul-basa-jawa-kelas-xii-semester-1-3/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar