Blogger Widgets

Minggu, 04 Januari 2015

Tradisi Ruwat Rambut Gimbal ing Dieng

    Panjenengan tamtu sampun nate mireng asma Bob Marley? Bob Marley kathah dipunmangertosi minangka legendaris musik reggae ing donya. Salah satunggaling khas saking tokoh kasebut inggih menika rikmanipun ingkang gimbal. Mboten sami kaliyan rambut gimbal damelanipun manungsa kados dene rikma gimbalipun Bob Marley, wonten lare-lare ing dhaerah Dieng Kabupaten Banjarnegara gadhah rikma ingkang tuwuh kriwil lan gembel ingkang wonten kanthi alami (sanes damelan manungsa). Lare ingkang gimbal wau dipunpitadosi minangka turunanipun Ki Kala Dete lan Nyi Roro Kidul. Kangge nyukur rikma gimbal menika wonten ruwatan lan upacara ingkang kedah dipunlampahi. Upacara ruwatan menika saged kathah narik wigatosing wisatawan lokal utawi mancanegara kangge mriksani reroncening adicara ruwatan cukur rambut gimbal masal.
Dumugi sakmenika, adicara ruwatan tasih dipuntindakaken setaun sepisan ing Dieng. Menika mbuktikaken menawi masyarakat Banjarnegara tasih kersa nglestantunaken warisaning budaya saking leluhur. Budaya ingkang minangka kasugihaning bangsa menika dipunjagi supados mboten ical lan supados dipuntepangi dening para mudha mliginipun mudha-mudhi Banjarnegara. Adicara ruwatan menika saged nggayuh wigatosipun kathah tiyang saingga dipunsengkuyung dening pemerintan Kabupaten.
Kabupaten Banjarnegara mboten nyia-nyiani khas ingkang wonten ing salah satunggaling dhaerah ing kabupaten Banjarnegara menika. Pemerintah ngawontenaken adicara kanthi irah-irahan “Dieng Culture Festival” setaun sepisan. Wonten ing adicara menika dipunwontenaken mapinten-pinten adicara inggih menika pasugatan seni, wayang, lan ugi ruwatan rambut gimbal. Ruwatan rambut gimbal limrahipun dipuntindakaken wonten ing palataran Candi Arjuna, Dieng Kulon, Batur, Banjarnegara. Lare ingkang badhe dipunruwat dipunsukani iket saking mori lajeng dipuntindakaken reroncening ruwatan.
Sakderengipun rambut gimbal dipuncukur, lare ingkang badhe dipunruwat menika diarak kliling dhusun mawi dhokar dipunkancani dening tiyang sepuhipun. Sarat ingkang dipunsuwun dening bocah gimbal ingkang badhe dipunruwat ugi ndherek dipunarak. Arak-arakan dipunwiwiti saking griyanipun pamengku adat, lajeng kirab tumuju ing Candi Arjuna kanthi dipunsambut dening tetabuhan musik tradisional Dieng. Reroncening adicara Jamasan dados miwiti ruwatan cukur rambut gimbal. Saklajengipun, bocah gimbal dipunbekta dhateng palataran Candi Arjuna.

Rambut ingkang gimbal pancen mboten saged dipuncukur kados limrahipun. Cukuran namung kedah dipuntindakaken amargi pepinginan lare ingkang gimbal menika piyambak. Menawi cukuran rambut gimbal mboten adhedhasar pepinginan saking lare gimbal menika, mila rambut gimbal menika mangke bakal tuwuh terus sanadyan sampun dipuncukur. Bocah ingkang badhe dipunruwat kasebut ugi ndherek ruwatan adhedhasar pepinginanipun piyambak kanthi sarat ingkang benten. Tuladhanipunpit onthel, tigan, arta, wedhus, emas, lan sapanunggalipun.
Adicara ruwat cukur rambut gimbal menika piyambak dipuntindakaken dening pamengku adat direwangi pejabat kutha Banjarnegara. Kanthi dikancani dening tiyang sepuhipun piyambak-piyambak. Rambut gimbal ingkang sampun dipuncukur lajeng dipunmanunggalaken kaliyan jajanan pasar, kembang telon lan dibungkus mori, lajeng dilarung ing Tlaga Warna. Adicara cukur rambut gimbal dipunpungkasi kanthi pambagian kasil bumi dening masyarakat ngriku.

         Adicara ruwatan menika saged njagi kalastantunanipun adat ingkang sampun wonten saking jaman kepungkur. Kajawi menika, adicara menika ugi paring paedah kangge tiyang ingkang gesang ing Dieng mliginipun ingkang manggen wonten ing caketipun Candi Arjuna. Tiyang-tiyang ingkang manggen wonten caketipun Candi Arjuna ngginakaken adicara menika kangge nambah pengasilanipun. Kathah ingkang sadean panganan lan ugi unjukan khas Dieng kados dene manisan karika lan ugi wedang purwaceng. Kejawi menika ugi kathah tiyang ingkang mbikak wisma panginepan kangge wisatawan ingkang mbetahaken papan kangge nginep. Adicara menika kathah paedahipun, saengga pemerintah lan masyarakat remen saha nyengkuyung ngawontenaken adicara menika saben taun.

Sumber : http://putrikeratonuny.blogspot.com/2013/12/kanthi-ruwatan-rambut-gimbal-masyarakat.html 

1 komentar:

  1. Triton (tetonglass) - Titanium Dioxide - TITAN.NET
    Triton is a babyliss nano titanium flat iron tungsten-free and lightweight titanium nose hoop sunscreen that ford focus titanium uses tungsten tittanium crystals as an essential ingredient to enhance titanium sia skin growth.

    BalasHapus