Salah sijine adat tata cara
pengantenan yaiku siraman calon penganten . Sakdurunge acara siraman calon
penganten putri, sedina sakdurunge sing duwe gawe wis utusan paraga golek banyu
sumber pitu , sumber pitu utawa tuk pitu mau bisa wujud sendhang utawa sumur
,dadi dudu banyu kali sing ora suci amarga wis reget
Sakwise calon penganten putri dibusanani busana siraman ,
rambut diore , dikanthi mijil saka kamar busana, sungkem caos bekti luwih
dhisik marang sepuh piniji ( putri ) kang lungguhe wis ditata sakdurunge ,
jejer-jejer .Urutan sing keri dhewe lenggahe ibulan ramane calom penganten
putri . Sakwise sungkem pangabekti , calon penganten putri tumuli dikanthi
dening dening rama lan ibune manjing papan siraman . Calon penganten putrid
dilenggahake ing papan siraman kang wis cinawisake.Rama lan ibune banjur nampa
banyu sumber pitu saka paraga kang piniji ,sabanjure banyu sumber pitu
kacampurake ing jembangan kang arep dienggo siraman .Sakwise banyu dicampur,
dhukun penganten ngandani para sepuh putrid kang piniji mbaka siji nyirani
calon penganten pungkasane rama lan ibune .Rampung siraman nuli nindakake acara
pecah pamor.Carane ,kendhi pratala sing isi banyu dicurake dening ramane kanggo
wudlu tumrap calon penganten putri sing muslim ,dene saliyane cukup kanggo raup
nganti banyune entek.Yen kendi wis kothong,banjur dicekel bareng dening rama
lan ibune ,kendhi ditibakake utawa dibanting karo ngucap :”Aku ora mecah
kendhi,nanging mecah pamore anakku”.Sakwise kendi pecah ,calon penganten putri
banjur dianduki lan dibopong mlebu kamar proboyoso dening rama lan
ibune,pepindhane kaya digendong kanthi kebak rasa tresna asih .
Ingkang dibutuhaken ing upacara adat Siraman yaiku :
1. Banyu utawa toya saking 7 sumber ( 7 tuk )sing beda
panggonane . angka pitu ing upacara siraman nggadahi arti pitulungan kanggo
panguripanne calon penganten .
2. Banyu utawa toya sing dikumpulke mau
kudu saka kaluwarga sing sejahtera .
3. Toyane uga kudu saka kaluwarga
sing isa menehi teladan urip ( Keluarga terhormat ).
- Paraga yaiku wongsing nyirami penganten nganggo banyu siraman mau .
- Wong paraga : 7 pasang kaluwarga sing isih utuh , 7 pasang kaluwarga sing sejahtera , 7 pasang kaluwarga sing wis tuwa ( wis pernah nikahake anakke ) , 7 pasang kaluwarga sing isa maringi teladan urip .
- Kendi pratala yaiku wadah banyu siraman .
- Ruang probosuyasa yaiku ruang rias penganten putri supaya dadi ayu sawise upacara siraman dipungkasi .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar