1. Ukara
Tanduk
Ukara tanduk yaiku ukara kang
nelakake mobah mosik utawa tandang grayang, dadi kang dipentingake utawa kang
wigati jejere. Wesenaning ukara awujud tembung kriya tanduk, yaiku tembung
kriya wantah utawa ater-ater anuswara.
a) Tanduk Kriya
- Adhiku ngoyak kucing ing latar.
- Romy nembang macapat ing ngarep kelas.
- Ibu ndulang adhik ing latar.
- Adhit ngulukake layangan ing sawah.
b) Tanduk Kriya Wantah
- Ani lagi turu.
- Bapak nembe siram.
2. Ukara
Tanggap
a. Ukara tanggap yaiku ukara kang mratekake kahananing lesan,
kang dianggep wigati lesane. Ukara tanggap iku wasesane awujud tembung tanggap,
yaiku tembung kriya mawa ater-ater dak, ko, di, ka utara seselan in.
Tuladha :
Tandurane kembang disirami Wati.
Wingi sore dhuwite wis dakjaluk.
Pepriman iku diparingi dana driyah
dening Pak Kaji.
Wayang ditonton dening bocah-bocah
lan wong tuwa.
Rotine wis disetorake Jodhi ing
toko-toko.
b. Ngowahi ukara tanduk dari ukara tanggap
Ukara tanduk bisa diowahi dadi ukara
tanggap lan suwalike ukara tanggap bisa diowahi dadi ukara tanduk. Ukara tanduk
bisane owah dadi ukara tanggap sarate kudu ana lesane (ukara tanduk transitif), nanging yen ukara mau tanpa lesan (ukara tanduk intransitif) ora bisa
diowahi dadi ukara tanggap.
Tuladha :
Bapak mbedhil celeng ing alas. Ukara
iki bisa diowahi dadi ukara tanggap amarga mawa lesan, dadine ukara tanggap : Celeng dibedhil Bapak ing alas.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar