Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake. Mung anggone ngandakake ora kanthi melok, jelas utawa cetha, nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih. Wangsalan ana kang gampang ditegesi, nanging uga ana kang kudu njlimet anggone nggoleki karep kang saknyatane.
Wangsalan iku anasesebutane
dhewe-dhewe, yaiku:
1.
Wangsalan Lamba, yaiku wangsalan
kang isih prasaja
2.
Wangsalan Rangkep, yaiku wangsalan
kang sinebut ing saben sagatra rangkep utawa ana rong wangsalan saben sagatra.
3.
Wangsalan Memet, yaiku wangsalan
kang anggone nggoleki karepe tembung ora mung sepisan, mula kudu luwih tliti
4.
Wangsalan Pdintenan, yaiku wangsalan
kang digunakake minangka pacelathon ing saben dinane, yen dirungu kaya wis
kulina krungu, mula bisa dadi tembung nggregetake.
5.
Wangsalan Edipeni, yaiku wangsalan
kang ngemu surasa pitutur kang becik.
6.
Wangsalan Nganggo Pathokan Tinamtu,
yaiku wangsalan kang wis cetha pathokane lan tegese saka tembung kang
diwangsalake wis cetha.
7.
Wangsalan Sianwung ing Tembang saha
Gending
TULADHA :
No.
|
Tuladha
|
Sumber
|
1
|
Lombok cilik, dikandhani malah
mecengis
|
Modul
|
2
|
Widheng galeng, tekamu apa padha
rahayu
|
Modul
|
3
|
Mrica kecut, singgat toya
Saunine, wong sengit nggregetake
|
Modul
|
4
|
Uler kembang, yen trima
alon-alonan
|
Modul
|
5
|
Nyaron bumbung, cengklungen
anggonku ngenteni.
|
Modul
|
6
|
Jarwa Prapta, aja duka ya!
|
Modul
|
7
|
Carang wreksa, wreksa kang
rinengga janma
|
Modul
|
8
|
Nora gampang, golek kawruh mrih
kaonang
|
Modul
|
9
|
Gayung sumur, aja kemba aja
mundhur
|
Modul
|
10
|
Kapi jarwa, dakpethek mangsa
luputa
|
Modul
|
11
|
Njanur gunung, kadingaren
sliramu teka. (janur gunung=aren)
|
Wikipedia.com
|
12
|
Pindang lulang, kacek apa aku karo
kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
|
Wikipedia.com
|
13
|
Jenang sela, wader kalen
sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula
|
Wikipedia.com
|
14
|
Wong kae sajatine wis krungu
kandhaku, nanging njangan gori.
|
Wikipedia.com
|
15
|
Sayuk rukun, wulang wido mangsa
rowang
|
Wikipedia.com
|
16
|
Sayektine, wit saking bondho
kawula
|
Wikipedia.com
|
17
|
Tepi wastra, wastra kang tumprap
mustaka.
|
Wikipedia.com
|
18
|
Njanur gunung, kadingarèn dolan
mréné? (janur gunung = arèn)
|
Wikipedia.com
|
19
|
Ngrokok cendhak, bocah cilik ora
kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan)
|
Wikipedia.com
|
20
|
Jenang gula, aja lali (jenang gula
= glali)
|
Wikipedia.com
|
21
|
Nggodhong garing, ésuk-ésuk kok
wis nglaras (godhong garing = klaras)
|
Wikipedia.com
|
22
|
Balung klapa, éthok-éthok ora
ngerti (balung klapa = bathok)
|
Wikipedia.com
|
23
|
Balung geni, mbokmenawa aku ora
bisa teka (balung geni = mawa)
|
Wikipedia.com
|
24
|
Balung janur, sida lunga apa ora?
(balung janur = sada)
|
Wikipedia.com
|
25
|
Balung pakèl, aja seneng alok-alok
(balung pakèl = pelok)
|
Wikipedia.com
|
26
|
Jangan gori, nganti judheg
anggonku mikir (jangan gori = gudheg)
|
Wikipedia.com
|
27
|
reca
kayu, goleka sabda rahayu. ( reca kayu
= golekan)
|
Kedai
ku
|
28
|
bayem
arda, dhasar anteng tur jatmika (bayem
arda = lanteng)
|
Kedai
ku
|
29
|
kukus
gantung, sawengan kang adi luhung. (kukus
gantung = sawang)
|
Kedai
ku
|
30
|
durna
putra, ngudiya basa utama (durna putra
= aswatan)
|
Kedai
ku
|
31
|
gayung
sumur, kewan gung granane dawa. aja kemba, mangesthi saliring karya.
( gayung sumur = timba; kewan gung granane dawa = esthi (gajah))
|
Kedai
ku
|
32
|
bibis
tasik, tasik manda winor tirta. maju mundur, tangeh marem kang
pinanggya ( bibis tasik = undur undur, tasik manda winor tirta = parem)
|
Kedai
ku
|
33
|
tapas
aren, aren arab wijilira. tindak tanduk, nora ninggal tata krama.
(tapas aren = duk; aren Arab wijilira = kurma)
|
Kedai
ku
|
34
|
saron
agung, agung agunging sujanma. yen mung
ewuh, sabarang nora tumeka ( saron agung = demung; agung agunging sujanma =
ratu)
|
Kedai
ku
|
35
|
cipta
arda, ardaning tyas mring sasama. tyas susila, nor raga ambek
jatmika. ( cipta arda = nepsu; ardhaning tyas mring sasama = ambek)
|
Kedai
ku
|
36
|
mamet
tirta, tirta jawah jro ketiga. suka lila,lebur luluh labuh praja. (
mamet tirta = ngangsu, tirta jawah jro ketiga = labuh)
|
Kedai
ku
|
37
|
Bok aja nglemah bengkah. (nglemah bengkah = tela = nyela nyela)
|
Kedai
ku
|
38
|
Wah, mandhan rawa lho kowe, bareng macak Jawa ( pandhan rawa =
wlingi/manglingi
|
Kedai
ku
|
39
|
Mung kepengen nggentha dara. ( gentha dara =
sawangan = nyawang)
|
Kedai
ku
|
40
|
Yen ora nesu, geneya kowe kok mentil kacang, mrengut terus. ( mentil kacang =
sungut = mrengut)
|
Kedai
ku
|
41
|
Kancing
gelung munggweng dhadha, titenana! ( kancing gelung munggweng dhadha = peniti =
titenana)
|
Kedai
ku
|
42
|
Ngembang garut nggrêmêng ora
karuwan
(kêmbang garut = grêmêng), |
Kedai
ku
|
43
|
Sêkar arèn mas, sampún dangu kok
botên kêpanggih
(sêkar arèn = dangu). |
Ki
Demang
|
44
|
Kêmbang jambu, kêmaruk duwé
dolanan anyar.
(kêmbang jambu = karuk = dadi kêmaruk). |
Ki
Demang
|
45
|
Roníng mlinjo, sampún sayah nyuwún
ngaso.
(roníng mlinjo = so - dadi ngaso). |
Ki
Demang
|
46
|
Klåpå mudhå, yèn kalegan paringa
apurå.
(klåpå mudhå = degan - dadi kalêgan) |
Ki
Demang
|
47
|
Kêmbang gêmbili sênêng-sênêng olèh
rêjêki.
(kêmbang gêmbili = sênêng). |
Ki
Demang
|
48
|
Witíng klåpå jawåtå ing
ngarcåpådå. Salugune wóng mudhå gelem rekåså.
(witing klåpå = glugu dadi saluguné) |
Ki
Demang
|
49
|
Kolik priyå priyagung anjani
putrå.
(kolik priyå = manuk tuhu).
|
Ki
Demang
|
50
|
|
Wikipedia.com
|
51
|
Pangkur Lamba (slendro Pantet 9)
Purwaka (buka,Basa)
Kembang adas sumebar neng tengah
alas
Tuwas tiwas anglabuhi wong ora
waras
Alah bapak, balung jagung saguhku
isih janggelan
Wiwit gerong sing baku
Lagu gendhing pangkur lamba
Maweh gumirah wardaya
Tur mathuk kinarya aba
Mlaku bareng ulah raga
Balung jagung:maksude janggel
Janggelan = during tetep, isih
kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung.
|
Wikipedia.com
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar