A. Werdinipun Sesorah
Micara, sesorah, utawi pidhato, uga
sinebut medharsabda yakuwi nglairake gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana
lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing
pari-polahing wong sing mujudake polahing tumindak , kalebu obahing awak,
pasuryan, rasa-pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi panindaking micara
sawenehing wong bias ora lumaku kanthi apik, amarga ora ana wong urip sing
sampurna. Mula sesorah kudu digladhi, tansah nyinau sarta nulad para priyayi
singwis limpat. Wong pancen sesorah sing apik kuwi ora saderma ngapalake.
Menawa mangkono, sawenehing pawongan
sing kapatah dadi panata titi laksana kuwi uga kalebu pawongan sesorah utawa
pidhato, ananging beda jejibahane. Bias trampil sesorah kuwi kudune sregep
sinau lan seneng gladhen.
B. Jinising Sesorah
- Sesorah kanthi cara apalan/memoriter
Sesorah kanthi cara iki, juru
pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih dhisik banjur diapalake
nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora ana panemu-panemu
anyarrasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajronong cathetan sing wis
digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen, bisa njalari kabeh apalan kang
wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan utawa bocahh-bocah
sing nembe ajar pidhato.
- Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskrip
Sesorah utawa pidhato cara naskah
utawa teks kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato
banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para pejabat utawa
punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi. Kanthi ancas
supaya ora mlenceng karo tjuan sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates.
Dene yen ana rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake
ana ing acara sarasehan utawa temu wicara.
- Sesorah kanthi cara dadakan utawa impromtu
Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato
sing ora kkanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah
sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih
pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.
- Sesorah kanthi cara ekstemporan
Sesorah cara iki, juru pamedharsabda
kudu ngasta cathetan cilik (outline) minangka gaman utawa pangeling-eling
urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati
sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake dening dwija kang arep mulang
ana ing sangareping muride.
C. Sangunipun Juru Sesorah
- Nguwasani bahan utawa perkara kang arep diwedharake
Juru pamedhar sabda kudu
nguwasani bahan utawa perkara sing diwedharake sarta wani caos tanggapan
tumraping panyaruwe. Tanggapan kuwi kudune nduweni dhasar utawa landhesan ora
amung waton ngomong. Mula kudune nduweni sangu ilmu kang mumpuni.
- Nduweni Rasa Wani
Juru pamedhar sabda uga nduweni rasa
wani micara ngadhepi wong akeh. Amarga bisa uga kalah prabawa karo pawongan
sing diadhepi. Apamaneh yen sing diadhepi kuwi nduweni prabawa lan kepinteran
kang luwih.
- Patrap utawa sikep
Patrap utawa sikep kudu sing
trengginas, tanggap, manteb, luwes, pantes, wibawa, aora ingah-ingih, apamaneh
wedinan. Nalikaning ngadeg kudu jejeg, ora ndhoyong, ora cekelan kepara
lendhetan cagak. Parlu dimangerteni juru pamedhar sabda utawa juru paniti
laksana sajroning ngayahi wajib/jejibahan uga dadi pasugatan mungguhing para
tamu.ngegreng/semuwa utawa orane swasana wiwahan gumantung uga saka paraga
kasebut.
Mula kuwi, kudune nduweni utawa ora
uwal saka tata krama utawa trapsila yakuwi solah bawa, tindak-tanduk sing
prasaja utawa apa anane ora digawe-gawe. Owah-owahaning pasuryan katon
sumriingah anengsemake amarga swasanane nyenengake.
- Busana lan ngadi sarira
Tegese nalika nindakake ayahankuwi
busana utawa ageman lan ngadi sarira kudu diselarasake kahanan.
- Basa lan sastra
Basa minangka piranti utawa sarana
lelantaran, sesambungan utawa lung-tinampa karo para tamu utawa sing
ngrungokake, mula saka kuwi basane ora basa ndakik-ndakik sing ora dimangerteni
dening sing ngrukokake, ananging basa sing gampang dimangerteni wong akeh. Dene
basa sing trep uga basa sing bener tuntunaning parama-sastra. Pamilihing
tembung, pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha,
kendho-kenceng, inggil-andhap, cepet rindhik lsp. Ringkesing basa kudu sing
komunikatif, tegese kudu ngilingi:
- Sapa sing ngajak guneman;
- Sapa sing diajak guneman;
- Sapa sing diomonggake;
- Swasananing nalikaning guneman;
- Padha mangerteni sing diomongake.
D. Cengkorongan Sesorah
1. salam pambuka
2. atur puji syukur marang Pangeran
3. atur kasugengan, kairing atur
panuwun
4. wedharing gati utawa wosing
medhar sabda utawa isining sesorah
5. atur nyuwun pangapura (tumrap
sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhi)
6. panutuping atur/salamTuladha :
Assalamu’alaikun Wr.Wb
Alhamdulillahirabbil’alamiin,
washolaatu wassa laama’ala asysyrofil ambiyaaki wal mursaliin, wa’ala aalihi wa
askhaabihi ajma’in. Ama ba’du.
Nuwun!
Panjenenganipun
ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang anggung mastuti
dhumateng pepoyaning kautamen.
Para pangemban
pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para
kawula dasih ingkang pantes sinudarrsana.
Sumawana
sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan.
Langkung rumiyin
ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti
ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng
panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun
miwah kawilujengan saha kalodhangan saengga kula sadaya saged anjenengi ing
ratri/siang menika kanthi winantu ing suka basuki lumintua ing
salami-laminipun. Amin.
Salajengipun
saestu linepatna ing deduka, tinebihna ing tulak sarik, dene kula kumantun
lumaraping atur saengga ngirangi kamardikan panjenengan sadaya ingkang nedheng
eca wawan pangandikan.
Nuwun,
inggih awrat mundhi panyuwunipun adhi kula pun Drs. Harjuna Sasrabahu sekalian,
lumantar sedherek Panata Laksita supados paring sabta tamanutawa ular-ular
risang penganten sarimbit. Pancenipun awrat amargi dereng drajatkula supados
ngaturi ular-ular menika.
Suka wawasan
prayoginipun bebrayan utawi ambyurr ing samodraning bebrayan agung jer senadyan
kula ing prekawis panggulawentah saestu kantun kalitan nakmas penganten
kekalih, ananging prekawis pangalaman kula langkung sepuh sarta langkung
rumiyin anggenipun bebrayan, mesthiniipun langkung kathah pengalaman sarta seserapanipun
prekawis meniika.
Panjenenganipun
para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh menapa dene panjenenganipun para tamu
kakung sumawana putri ingkang luhuring budi, keparenga sami paring pangestu
dhumateng kula, supados saged dumugining sedya anggen kula amakili panjenengans
adaya, suka wawasan tumrap theg kliweranipun ngambah bebrayan agung menika.
Anakmas
temanten kekalih ingkang manggih bagya mulya.
Gegaran
tumrap gesang bebrayan menika kedah nindakaken Ma lima, inggih menika saking
tembung mlumah, mengkurep, modot, mlebu, lan metu.
Saderengipun
kula njlentrehaken, sasampuna panjenengan sampun sami gumujeng sarta kagungan
penggalihan bilih tembung-tembung kasebut mengku teges lekoh utawa saru.
Mlumah menika
werdinipun nglumahaken tangan, tegesipun remen makarya utawi nyambut damel,
minangka lantaran nyenyadhong dhateng Gusti Allah SWT dhawahing rezeki saking
panjengan-Ipun.
Sadamel-damelipun
dipun tlattosi satemah ing samangkenipun nggadhahi kesagedan ing
satunggaling prekawis, dados nyambut damel menapa kemawon sageda sampun ngantos
gontas-gantos pedamelan , ananging salah satunggal dipun antepi sarta dipun
udi/dipun redi ingkang saestu.
Mengkurep
, tiyang gesang ing alam donya menika remena dhateng weweh utawi
tetulung dhateng tiyang sanes, lan suthik pikantuk pangalembana. Kanthi mekaten
menawi weweh utawi damel kesaenan dhateng tiyang sanes kaumpamekaken nyimpen
sekar ing lemantun wesi, kuncinipun lemantun wau tiyang sanes ingkang bekta
sarta bikak, sampun ngantos awkipun piyambak ingkang mbikak. Menawi
ingkang mbikak lemantun (kesaenan) wau tiyang sanes makaten gandanipin
nggambar arum boten badhe ical-ical.
Modod
, menika tegesipun sami kaliyan mulur werdinipun tiyang gesang ing
alam donya menika kedah tansah mulur utawi kreatif nalaripun manut
kemajenganing jaman. Samenika jaman globalisasi, tegesipun jagad ingkang wiyar
menika wates-watesipun sampun ical, temahan tiyang sadonya menika saged pados
panggesangan ing pundi papan. Kanthi mekaten gesang ing samangke tansaya awrat
sesanggenipun, amargi sami lomba kaliyan warga negari manca, boten namung
kaliyan warga sanagari. Pramila supados saged gesang ingkang remen kedah jembar
wawasanipun satemah gadhah pambudi daya kreatif.
Mlebu,
tegesipun saget nampi kemajengan, sedaya ilmu saha ketrampilan, kesagedan
menapa kemawon ingkang loyogipun dhateng kesaenan kedah dipuntampi kanthi lila
legawaning manah. Upami satunggaling pawongan ingkang pakaryanipun dados
pradangga mangka wekdal samangke sampun awis-awis sanget tiyang kagungan kersa
utawi gadhah damel sami nggelar gangsa, pramila pawongan mau kedah kupiya pados
padamelan sanes minangka sagaking gesang, ugi saged nampi saha purun boten
purun nampi kemajengan seni campur sari inggih menika nggabungaken gangsa
kaliyan pirantos musik elektronik lsp.
Metu,
werdinipun sedaya kesagedan, ngelmi saha ketrampilan ingkan
dipungadhahi kedah dipuntindakaken kepara dipuntularaken tiyang sanes. Jer
nularaken ngelmi menika ngamal ingkang sae sanget lan pikantukipun lelintu
ganjaran sadangunipun ngelmi ingkang dipuntularaken.
Sampun
ngantos wegah utawi gadhah ngelmi nanging boten kaamalaken kados ungel-ungelan ”jarik
lawas ing sampiran”, tegesipun ngelminipun muspra boten dipun ginakaken menapa
malih dipun tular-tularaken.
Mekaten,
atur wawasan ingkang saged kula aturaken mugiia wonten mupangatipun, menawi
mekaten menika inggih awit peparingipun Pangeran ingkang amurba amisesa,
ananging menawi kathah tuna dungkap menika inggih awit saking cubluk lan
cupeting ppemanggih kula.
Wasana jenang sela
wader kali sesonderan , apuranta yen wonten lepat kawula.
Akhirulkalam,
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar