Blogger Widgets

Jumat, 02 Januari 2015

Tembung Camboran



Tembung camboran tegese loro utawa sing dirangkep dadi siji.
Tuladha: meja tulis, buku gambar, balung kuwuk, sayuk rukun, narapati.
Warna-warnane tembung camboran.
A.    Manut wujude
1.      Camboran tugel, yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung lorosing dirangkep dadi siji kanthi ngurangi jumlah wandane.
Wujude camboran tugel
1.Tembung garba (sandi)
Tuladha: Nara + pati = narpati
Prapta + ing = prapteng
Idu + abang = dubang
Iya + iku = yeku
Sura + ing = sureng
Parama + iswari = prameswarI
2. Kerata basa
Tuladha: Digugu + ditiru = guru
Balung + kulit = lunglit
Gawe + kadang = wedang
Kaku + cempluk = kupluk
2.         Camboran wutuh, yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging ora nganggo   ngurangi jumlah wandane.
Wujude camboran wutuh:
1. Rerangken determinatif (DM)
Tuladha : Meja tulis
Lemari kaca
Pager bata
Pitik walik
Buku gambar
2. Baliswara (rerangken MD)
Tuladha : Pancasila
Bimaputra
Wijaya kusuma
Mahasiswa
Dwiwarna
3. Tembung saroja
Tuladha : Sanak kadang
Wa sumelang
Papa cintraka
Japa mantra
Lara lapa
4. Yogyaswara
Tuladha : Dewa-dewi
Siswa-siswi
Putra- putri
Bathara- bathari
Pemudha- pemudhi
5. Tembung kosok balen (Antonim)
Tuladha : Gedhe x cilik
Enom x tuwa
Lanang x wadon
Mangkat x mulih
Dawa x cekak
Dhuwur x cendhek
B.     Manut kekarepane
1.      Cmboran tunggal, yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine wis ora kena dipisah-pisah maneh lan wis nduweni teges anyar.
Upamane balung iku perangane awak utawa kewan sing atos dhewe. Kuwuk iku kucing alasan ora ana sing ndarbeni. Banjur dirangkep dadi “balung kuwuk” sing tegese criping pohung.
Tuladha: Randha royal
Semar mendem
Nagasari
Gandarukem
Daramuluk
2.       Camboran wudar, yaiku tembung camboran sing tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe.
Tuladha: Meja tulis
Pelem golek
Wayang kulit
Piring beling

Tidak ada komentar:

Posting Komentar