Blogger Widgets

Selasa, 30 Desember 2014

Unggah Ungguh Basa Jawa ing SD

Wonten sawenehing pamanggih bilih para trahing Jawi mudha samenika sampun kirang saged basa Jawi, kirang tewajuh ngginakaken unggah-ungguh. Unggah-ungguh menika magepokan kaliyan tata basa saha tata susila/tata krama. Tata basa magepokan kaliyan ngginakaken basa jawa ing madyaning pasrawungan. Bab menika ugi magepokan kaliyan cara ngurmati saha ngaosi tiyang sanes kanthi sarana basa ingkang dipunginakaken ing pasrawungan. Tata susila/tata krama magepokan kaliyan cara ngurmati tiyang sanes kanthi solah bawa, patrap, utawi tumindak. Dados unggah-ungguh menika manunggal antawisipun basa (muna-muni) saha solah bawa (tindak-tanduk). Pramila tindak-tanduk, muna-muni kedah dipunjagi. Menawi tiyang saged ngecakaken unggah-ungguh basa kanthi laras saha leres, limrahipun gadhah tata krama ingkang sae ugi.
            Ing andharan menika unggah-ungguh ingkang kawedhar ingkang magepokan kaliyan unggah-ungguh basa, kanthi dhasar:
(1)   Unggah-ungguh tata basa sampun ngemot unggah-ungguh tata krama. Tegesipun unggah-ungguh basa manunggal kaliyan tata krama. Boten limrah tiyang ingkang ngecakaken unggah-ungguh basa kanthi sae, nanging patrapipun boten sae.
(2)   Ngantos samenika ingkang sampun dipuncakaken ing madyaning masyarakat inggih unggah-ungguh basa.
(3)   Ngantos samenika ingkang sampun sinerat inggih nembe unggah-ungguh basa.
(4)   Tata krama limrahpun kakabar ing pamulangan-pamulangan kanthi manunggal (integrated learning)  kaliyan materi sanesipun kadosta wewaler utawi pepali,  gugon tuhon, bebasan, paribasan, lsp.
Manut pamanggihipun Kuswa Endah (1996) unggah-ungguh basa ngrembag kados pundi pamicara saged milih tembung ingkang trep, runtuting paramasastra, tuwin patraping solah bawa. Menika trep kalitan paribasan ajining dhiri gumantung lathi, ajing raga gumantung busana, ajining awak gumantung tumindak.
            Unggah-ungguh basa Jawa prelu dipundamel prasaja, cekap wonten kalih kemawon inggih menika ngoko kaliyan krama. Satunggal-satunggalipun kapilah dados lugu saha alus, kados gambar ing ngandhap menika.
            Tumrap para siswa SD malah ngantos tataran salajengipun unggah-ungguh cekap kados ing nginggil andhedhasar pamanggih:
(1)   Nggampilaken siswa anggenipun sinau, boten angel, boten ruwet
(2)   Kanthi gampil kasebat siswa boten kemba, boten ajrih
(3)   Ing pasrawungan unggah-ungguh kasebat sampun nyekapi/ murakabi
(4)   Buku-buku basa Jawa, cerkak, cerbung, geguritan, utawi asiling kasusastran ugi ngginakaken unggah-ungguh menika (azas fungsional).
Basa Ngoko
  1. Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu inggih menika sarana wicara ingkang dumadi saking sedaya tembung-tembungipun ngoko. Basa ngoko lugu kangge micara:
a.      Tiyang langkung sepuh dhumateng tiyang anem
b.      Tiyang sepuh dhumateng anak
c.      Tiyang sapantaran ingkang sampun rumaket
d.     Ngunandika
e.      Ratu dhateng kawula
f.       Pangarsa dhateng andhahan
            Contoh:
       a.      Dhik  tulung aku jupukna buku gelas!
       b.      Bapak wis tau ngomong, menawa anak-anakku kabeh kudu sregep sinau.
       c.      Didit, ayo sinau tembang!
       d.     “Wah jamane wis maju, kakeh sarwa maju, penyakit wae melu maju, angel tambane”.
       e.      Rangketen para durjana!
       f. Perusahaan ini kudu bias maju.

       2. Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus inggih menika sarana micara ingkang tembung-tembungipun ngoko kacampuran krama inggil. Dene ingkang dipunkramakaken sesebatan saha tembung kriya. Sesebatan upaminipun tembung purusa (tembung sesulih) kados: panjenengan, panjenengane, dalem (boten griya). Tembung kriya kadosta: tindak, sare, dhahar, maos, lsp. Basa ngoko alus kangge micara:
a.      Tiyang sepuh (ingkang langkung andhap kalenggahanipun) dhateng tiyang anem langkung inggil kalenggahanipun.
b.      Tiyang sapantaran nanging taksih kepengin ngurmati.
Tuladha:
a.      Dhimas, apa sliramu sida arep tindak Jakarta?
b.      Yen panjenengan mundhut buku, aku titip.
Basa Krama
1.      Krama Lugu
Basa krama lugu inggih menika sarana micara ingkang sedaya tembung-tembungipun krama. Basa krama lugu kangge micara:
a.      Tiyang langkung sepuh dhateng tiyang anem, nanging taksih kepengin ngurmati.
b.      Pangarsa dhateng andhahan ingkang langkung sepuh.
                  Tuladha:
                        a.      Menawi sampun mantuk, kula badhe tumpas peksinipun.
                        b.      Pak, cobi kula dipunpendhetaken conto produk wonten ing gudang.

2.      Krama Alus
Basa krama alus inggih menika sarana micara ingkang tembung-tembungipun dumados saking tembung krama saha krama inggil. Tembung krama inggil kangge sesebatan saha tembung kriya.
Basa krama alus kangge:

a.      Anak dhateng tiyang sepuh
b.      Tiyang anem dhateng tiyang sepuh
c.      Tepangan enggal
d.     Andhahan dhateng pangarsa
e.      Kawula dhateng ratu
f.       Tiyang ndedonga.
                  Tuladha:
                        a.      Bapak kula badhe  study tour dhateng Bali.
                        b.      Kula badhe matur Ibu.
                        c.      Nuwun sewu asma panjenengan sinteen?
                        d.     Bapak sedaya barang sampun kula aturaken Bu Lurah.
                        e.      Kepareng kula matur Gusti?
   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar