Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane
- Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
- Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
- Abag-abang lambe = guneme mung lamis
- Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
- Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
- Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
- Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
- Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
- Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
- Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
- Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
- Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
- Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
- Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
- Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
- Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
- Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
- Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
- Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
- Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
- Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
- Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
- Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
- Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
- Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
- Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
- Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
- Asu marani gebug = njarag bebaya
- Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
- Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
- Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
- Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
- mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
- mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
- mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
- mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
- mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
- mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
- mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
- Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
- Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
- mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
- Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
- Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
- Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
- Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
- Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
- Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)
- Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut
- Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
- Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
- Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
- Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
- Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene
- Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
- Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas
- Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
- Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiri
- Brekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
- Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune
- Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe
- Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
- Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
- Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
- Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
- Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
- Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
- Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
- Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
- Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
- Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
- Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor
- Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaanane
- Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone
- Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
- Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akeh
- Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
- Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo rembuge wong akeh
- Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat.
- Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
- Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya
- Digarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abot
- Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa bakal dibelani
- Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
- Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala
- Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed
- Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
- Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
- Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
- Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
- Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan
- Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine
- Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane
- Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet
- Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala
- Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani
- Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya
- Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing dirembug
- Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem
Tidak ada komentar:
Posting Komentar