Kaperanga kula sumela atur,
badhe ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicara upacara penganten
ing siyang menika.
Adicara kapurwakan kanthi
pambuka.
Adicara kaping kalih atur
pambagyaharja.
Ingkang kaping tiga pasrah
saha tampi calon penganten kakung.
Adicara kaping sekawan
adicara ijab qobul.
Dene adicara kaping
gangsal, pengaosan utawi wasitatama.
Kapungkasan kanthi panutup.
Mekaten kalawau menggah
adicara ingkang sampun karantam. Sumangga adicara kapurwakan kanthi kula maos
basmalah. Sumangga.
Adicara salajengipun atur
pambagyaharja. Rehning ingkang hamengku karsa boten kuwawi matur, pambagyaharja
dipunwakili Bapak Gunadiharja. Dhumateng Bapak Gunadiharja sumangga, dene
Bapak-Ibu Suharjana kasuwun kepareng hangampingi Bapak Gunadiharja. Sumangga.
--------pambagyaharja------
Mekaten kalawau atur
pambagyaharja. Salajengipun adicara pasrah calon pinanganten kakung ingkang
dipunsarirani Bapak Suranta Aji. Sumangga.
------pasrah----------
Pangandikan pasrah tumuli
badhe dipuntampi Bapak Suwarja minangka wakilipun Bapak-Ibu Suharjana.
Dhumateng Bapak Suwarja, sumangga.
--------tampi--------
Minangka tandha hanetepi
adat Bapak Ibu Handika calon besan badhe hangaturaken ubarampe srah-srahan.
Dipunwiwiti pisang sanggan saha ubarampe salajengipun sumangga katampi dening
Bapak-Ibu Suharjana.
Salajengipun calon
pinanganten kakung kakanthi tumuju dhateng sasana ijab qobul. Dhumateng Bapak
Daru minangka seksi saking kulawarga calon pinanganten kakung sarta Bapak
Warsana seksi saking kulawarga calon pinanganten putri kepareng lenggah.
Bapak Naib ugi kepareng
lenggah, mekaten ugi bapak wali nun inggih Bapak Suharjana. Tumuli calon
pinanganten kalenggahan ing jajar kaliyan wali.
Adicara ijab qobul
salajengiun kula aturaken Bapak Pengulu. Sumangga.
----ijab qobul----
Adicara ijab qobul sampun
paripurna. Dhumateng Bapak seksi, Bapak Naib ngaturaken panuwun. Salajengipun
sri penganten kalenggahaken ing sasana pinajang dipunembani ingkang bebesanan.
Adicara sinigeg sawetawis. Dhumateng para kadang kaneman sumangga katur,
hangaturaken pasugatan. Para tamu ingkang sampun tampi pasugatan keparenga
ngunjuk saha dhahar kanthi mardikaning penggalih. Suamngga.
-------sigeg-------
Boten hangirangi pakurmatan
saha kanikmatan para tamu ngunjuk saha dhahar nyamikan, keparenga kula
nglajengaken adicara nun inggih wasitatama. Sri penganten pinaringan wasitama
dening Bapak Haji Sudarmaji. Sumangga.
------wasitatama--------
Mekaten kalawau menggah
wasitatama saking Bapak H. Sudarmaji, mugi handayani sri penganten saged gesang
sakinah, mawwadah, warahmah. Amin. Salajengipun kulawarga badhe ngaturaken
lelalengan beksan Yudaasmara, sinambi para kadang kaneman ngaturaken pasugatan
dhahar tasyakuran.
-------tari yudaasmara----
Sampun paripurna sedaya
adicara. Tumuli sri penganten miwah ingkang bebasan jengkar tumuju wonten
sangandhaping tarub saperlu nampi jawat asta pangestu saking paratamu ngiras
pantes, kulawarga ngaturaken agunging panuwun dhumaten para tamu.
Bokmenawi anggen kula
ngaturaken adicara wonten kalepatan, nyuwun agunging pangaksama. Sugeng kondur,
rahayu kang samya pinanggih. Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar