Blogger Widgets

Selasa, 30 Desember 2014

TULADHA ATUR PANUWUN KULAWARGA ING SRIPAH


  Assalamu ‘alaikum wr.wb
            Para takziah ingkang minulyeng budi, keparenga kula matur minangka wakil saking kulawarga Bapa-Ibu Anggara Suprapto. Kanthi atur sugeng rawuh, kula ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dene para takziah sampun kepareng nelakaken bela sungkawa awit sedanipun Almarhum Bapa Anggara Suprapto.
Perlu kawuningan bilih Almarhum Bapa Anggara Suprapto sampun sawetawis gerah sepuh. Kula sakulawarga sampun budi daya pados husada amrih danganing gerah, mulya jati jati satemah mulya Bapa Anggara Suprapto. Nanging kridhaning dhiri datan bisa mbedhah garising pasthi. Bapa Anggara Suprapto seda kanthi tentrem yuswa 85 taun. Almarhum nilar garwa nun inggih Ibu Anggraini Sutiyah sarta putra 5, wayah 16.
Para takziah ingkang minulya. Bokmenawi rikala sugengipun almarhum kagungan kalepatan dhumateng para takziah keparenga paring pangapunten. Kajawi menika bokmenawi almarhum ugi kagungan sesanggeman ingkang dereng purna keparenga takziah  pirembagan kaliyan ahli waris.
Kulawarga Ibu Anggraini Sutiyah taksih nyuwun gungan, bokbilih para takziah longgar wekdal keparenga wiwit mangke dalu bibar ‘isak  ngantos pitung dinten rawuh ing wisma dhuhkita saperlu maos puji dzikir tahlil.
Perlu kawuningan bilih, layon badhe kasarekaken ing sasana laya Mulya Jati ingkang tebihipun saking mriki 200 meteran. Awit saking menika dhumateng para takziah ingkang boten kabidhung ing karepotan, kersaa nguntapaken Almarhum Bapa Anggara Suprapto ngastos  ing sasana palereman ingkang pungkasan.
Mekaten, kula ingkang minangka wakil kulawarga, bokmenawi wonten lepating atur saha tata krama nyuwun pangaksama.
Nuwun. Wassalamu ‘alaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar