Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta
iku bisa arupa lesan apadene tulisan. Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake
dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara. Tulisan pawarta iku lumrahe
kapacak ana ariwarti, kalawarti.
Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku
1. Aktualitas
2. Sesambungan karo papan kedadean
3. Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing sakjrone kedadean
4. Sesambungan karo pagaweyan pamaca/ pamiyarsa
5. Ganepe Pawarta.
Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya mundhak dhuwur biji pawarta kuwi tumrap dheweke.
Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta basa jawa mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara basa jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku:
a. mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake
b. mbedakake informasi kang penting lan ora penting
c. nyathet informasi sing bener lan premathi
Sak bubare para siswa ngrungokake pawarta diajab para siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang disemak. kesimpulan yaiku rumusan cerkak saka loro utawa luwih pernyataan kang handuweni hubungan. Nyimpulake pawarta berarti nanggepi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika menehi tanggepan sampeyan bisa ngutarake setuju utawa ora setuju marang pawarta kang nembe dirungokake.
Bab-Bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan yaiku:
1. Tanggapan iku sak mestine disampekake mawa uraian kang cekak, padhat lan disusun kanthi apik.
2. Permasalaham utawa bab kang ditanggapi kudu cetha
3. Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang dingerteni utawa dipahami
4. Tanggapan iku kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga ditambahi fakta lan bukti-bukti kang relevan(nduweni Hubungan)
Nanggepi pawarta iku kudu evaluatif lan objektif. Evaluatif tegese menehi penilaian, objektif tegese pawarta kang ditampa kanthi apa anane.

Tuladha Pawarta :
KACILAKAN
MONTOR MABUR ING MAGETAN
Durung
suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing padha nemahi
kacilakan ing mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ana rong sasi kabar mau,
lha kok kasusul maneh kedadeyan montor mabur tiba durung suwe iki, pase ing
desa Geplak, Kecamatan Karas, Magetan, Jawa Timur rikala dina Rebo esuk
kira-kira jam setengah pitu ing tanggal 20 Mei 2009, nalika bangsa Indonesia
mengeti Hari Kebangkitan Nasional. Montor mabur kang tiba lan kobong mau duweke
TNI AU jinis Hercules C-130 nomere A-1325. Miturut pawarta saka layang kabar
lan tivi, montor mabur kasebut budhal saka pangkalan Lapangan Udara Halim
Perdanakusuma Jakarta lan arep tumuju dhaerah Biak, Papua. Nanging durung
nganti tekan papan kang tumuju, lan nalika arep mampir ing Lapangan Udara
Iswahyudi Madiun montor mabur kasebut nemahi kacilakan.
Malah ing kedadeyan iki, luwih saka wong satus nemahi tiwas klebu warga desa sing omahe melu kenteban montor mabur kasebut. Saliyane iku, ana wong 15 kang uga melu nandhang tatu abot lan entheng. Dene omah-omah ing desa kasebut sing kenteban lan ndadekake remuk lan kobonge udakara patang omah. Ana sing ajur mumur lan ana sing payone remuk tanpa sisa. Kanthi anane kacilakan montor mabur duweke TNI AU kasebut mesthi wae ndadekake warga ing sacedhake pangkalan mau dadi padha jinja. Ing atase ora ngerti apa-apa, ngerti-ngerti ketiban sial.
Sing cetha kacilakan Hercules C-130 duweke TNI AU mau nambahi tansaya akeh dhaftar kacilakan montor mabur duweke TNI AU. Pancen akeh sing kandha yen sejatine montor mabur-montor mabur duweke negara mau akeh sing wis padha tuwa lan kudu diganti. Nanging gandheng kanthi alesan anggaran ora nyukupi, kepeksa montor mabur tuwa isih tetep digunakake kanggo ngangkut wong lan barang-barang liyane. Apa ya pancen kacilakan mau bener-bener amarga saka umure montor mabur sing wis tuwa utawa saka sebab liyane? Ditunggu wae asil saka katrangane pamarintah bab sebab-musababe kacilakan montor mabur kasebut.

Sumber :
Tidak ada komentar:
Posting Komentar