Wonten
sawenehing pamanggih bilih para trahing Jawi mudha samenika sampun kirang saged
basa Jawi, kirang tewajuh ngginakaken unggah-ungguh. Unggah-ungguh menika
magepokan kaliyan tata basa saha tata susila/tata krama. Tata basa magepokan
kaliyan ngginakaken basa jawa ing madyaning pasrawungan. Bab menika ugi
magepokan kaliyan cara ngurmati saha ngaosi tiyang sanes kanthi sarana basa ingkang
dipunginakaken ing pasrawungan. Tata susila/tata krama magepokan kaliyan cara
ngurmati tiyang sanes kanthi solah bawa, patrap, utawi tumindak. Dados
unggah-ungguh menika manunggal antawisipun basa (muna-muni) saha solah bawa
(tindak-tanduk). Pramila tindak-tanduk, muna-muni kedah dipunjagi. Menawi
tiyang saged ngecakaken unggah-ungguh basa kanthi laras saha leres, limrahipun
gadhah tata krama ingkang sae ugi.
Ing andharan menika unggah-ungguh
ingkang kawedhar ingkang magepokan kaliyan unggah-ungguh basa, kanthi dhasar:
(1) Unggah-ungguh
tata basa sampun ngemot unggah-ungguh tata krama. Tegesipun unggah-ungguh basa
manunggal kaliyan tata krama. Boten limrah tiyang ingkang ngecakaken
unggah-ungguh basa kanthi sae, nanging patrapipun boten sae.
(2) Ngantos
samenika ingkang sampun dipuncakaken ing madyaning masyarakat inggih
unggah-ungguh basa.
(3) Ngantos
samenika ingkang sampun sinerat inggih nembe unggah-ungguh basa.
(4) Tata
krama limrahpun kakabar ing pamulangan-pamulangan kanthi manunggal (integrated learning) kaliyan materi sanesipun kadosta wewaler
utawi pepali, gugon tuhon, bebasan,
paribasan, lsp.
Manut
pamanggihipun Kuswa Endah (1996) unggah-ungguh basa ngrembag kados pundi
pamicara saged milih tembung ingkang trep, runtuting paramasastra, tuwin
patraping solah bawa. Menika trep kalitan paribasan ajining dhiri gumantung
lathi, ajing raga gumantung busana, ajining awak gumantung tumindak.
Unggah-ungguh basa Jawa prelu
dipundamel prasaja, cekap wonten kalih kemawon inggih menika ngoko kaliyan
krama. Satunggal-satunggalipun kapilah dados lugu saha alus, kados gambar ing
ngandhap menika.
Tumrap para siswa SD malah ngantos
tataran salajengipun unggah-ungguh cekap kados ing nginggil andhedhasar
pamanggih:
(1) Nggampilaken
siswa anggenipun sinau, boten angel, boten ruwet
(2) Kanthi
gampil kasebat siswa boten kemba, boten ajrih
(3) Ing
pasrawungan unggah-ungguh kasebat sampun nyekapi/ murakabi
(4) Buku-buku
basa Jawa, cerkak, cerbung, geguritan, utawi asiling kasusastran ugi
ngginakaken unggah-ungguh menika (azas fungsional).
Basa
Ngoko
1. Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu inggih
menika sarana wicara ingkang dumadi saking sedaya tembung-tembungipun ngoko.
Basa ngoko lugu kangge micara:
a.
Tiyang langkung sepuh dhumateng tiyang anem
b.
Tiyang sepuh dhumateng anak
c.
Tiyang sapantaran ingkang sampun rumaket
d.
Ngunandika
e.
Ratu dhateng kawula
f.
Pangarsa dhateng andhahan
Contoh:
a.
Dhik tulung aku
jupukna buku gelas!
b.
Bapak wis tau ngomong, menawa anak-anakku kabeh kudu
sregep sinau.
c.
Didit, ayo sinau tembang!
d.
“Wah jamane wis maju, kakeh sarwa maju, penyakit wae melu
maju, angel tambane”.
e.
Rangketen para durjana!
f. Perusahaan ini kudu bias maju.
2. Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus inggih
menika sarana micara ingkang tembung-tembungipun ngoko kacampuran krama inggil.
Dene ingkang dipunkramakaken sesebatan saha tembung kriya. Sesebatan upaminipun
tembung purusa (tembung sesulih) kados: panjenengan, panjenengane, dalem (boten
griya). Tembung kriya kadosta: tindak, sare, dhahar, maos, lsp. Basa ngoko alus
kangge micara:
a.
Tiyang sepuh (ingkang langkung andhap kalenggahanipun)
dhateng tiyang anem langkung inggil kalenggahanipun.
b.
Tiyang sapantaran nanging taksih kepengin ngurmati.
Tuladha:
a.
Dhimas, apa sliramu sida arep tindak Jakarta?
b.
Yen panjenengan mundhut buku, aku titip.
Basa
Krama
1.
Krama Lugu
Basa krama lugu inggih menika sarana
micara ingkang sedaya tembung-tembungipun krama. Basa krama lugu kangge micara:
a.
Tiyang langkung sepuh dhateng tiyang anem, nanging taksih
kepengin ngurmati.
b.
Pangarsa dhateng andhahan ingkang langkung sepuh.
Tuladha:
a. Menawi sampun mantuk, kula badhe tumpas peksinipun.
b.
Pak, cobi kula dipunpendhetaken conto produk wonten ing
gudang.
2.
Krama Alus
Basa krama alus inggih menika sarana
micara ingkang tembung-tembungipun dumados saking tembung krama saha krama
inggil. Tembung krama inggil kangge sesebatan saha tembung kriya.
Basa krama alus kangge:
a.
Anak dhateng tiyang sepuh
b.
Tiyang anem dhateng tiyang sepuh
c.
Tepangan enggal
d.
Andhahan dhateng pangarsa
e.
Kawula dhateng ratu
f.
Tiyang ndedonga.
Tuladha:
a.
Bapak kula badhe
study tour dhateng Bali.
b.
Kula badhe matur Ibu.
c.
Nuwun sewu asma panjenengan sinteen?
d.
Bapak sedaya barang sampun kula aturaken Bu Lurah.
e.
Kepareng kula matur Gusti?