Blogger Widgets

Kamis, 27 November 2014

Geguritan

Geguritan 
 
Rumpakan puisi jawa gagrag anyar diarani geguritan, ora kaiket paugeran-paugeran kaya ing tembang (puisi jawa tradisional). Geguritan mujudake ekspresi jiwa pangriptane sajroning nanggapi bab-bab kang dilakoni, diwerugi, kaanan sakiwa tengene, panguneg-uneg, gegayuhan, wawasan, lan liya-liyane. 
Tembung geguritan ana ing kamus Bali – Indonesia saka tembung  “gurit tegese gubah, karang, sadur “(Depdikdas Prop. Bali, 1991 :254), lan ana ing Kamus Umum Indonesia dijelaske yen “geguritan iku saka tembung gurit tegese sajak utawa syair” (Poerwadarminta, 1986 :161). Lan ing Kamus Kawi Indonesia, dijelaske yen “gurit tegese goresan, ditulisake” (Tim Penyusun, 1996:118).

Tuladha :
 
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
 
Pahlawanku  
Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika
 
 Segara Aru
(Hisyam Z)

Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti
Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan
Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru
Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan
Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku


Merapi 
(Puthu Aryana)

Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
 
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar