Rumpakan puisi jawa gagrag anyar diarani geguritan, ora kaiket paugeran-paugeran kaya ing tembang (puisi jawa tradisional). Geguritan mujudake ekspresi jiwa pangriptane sajroning nanggapi bab-bab kang dilakoni, diwerugi, kaanan sakiwa tengene, panguneg-uneg, gegayuhan, wawasan, lan liya-liyane.
Tembung geguritan ana ing kamus Bali – Indonesia saka tembung “gurit tegese gubah, karang, sadur “(Depdikdas Prop. Bali, 1991 :254), lan ana ing Kamus Umum Indonesia dijelaske yen “geguritan iku saka tembung gurit tegese sajak utawa syair” (Poerwadarminta, 1986 :161). Lan ing Kamus Kawi Indonesia, dijelaske yen “gurit tegese goresan, ditulisake” (Tim Penyusun, 1996:118).
Tuladha :
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu
pertiwi
Nadyan sang
ibu
Kudu muwun
sedhih
Karajang-rajang
manahe
Karujit-rujit
rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti
paring nugraha
Semana
gedhene bektimu
Jiwa raga,
bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji
pangajabmu
Merdika
Segara
Aru
(Hisyam Z)
Bener,
pener, yekti
Sliramu dadi
seksi
Seksi
pahlawan sejati
Pahlawan
mulih aran awit bekti
Awit mangku
jejibahan
Tugas luhur,
jujur ing palagan
Ngemban
amanat Trikora ayahan
Segara Aru
biru lugu blak-blakan
Ngemu madu
Maduning
bangsa satuhu
Kang Asma
Yos Sudarso iku
Korban jiwa
raga ing Segara Aru
Ludira kang
wekasan
Kanggo nebus
Irian
Yos Sudarso gugur
kalayan
Asmanya
misuwur ing bebrayan
Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku
(Puthu Aryana)
Merapi...
Saka kadohan
katon gagah
Asep putih
ndedel ing awiyat
Tilas dalan
lahar katon cetha
Kena sunare
Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama
kowe bisa crita
Kabeh
kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman
Mataram Kuna
Nganti
madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu
anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika
ngusir penjajah Walanda
Jaman
mardika jaman Soekarno
Nganti jaman
Soeharto